II SAMUEL 9:3 - Kitab Sutji3 Sang Prabu banjur ndangu maneh: “Apa ora ana kulawargane Prabu Saul maneh? Ingsun arsa nandukake kawlasan kang saka Gusti Allah.” Ziba nuli munjuk marang Sang Prabu: “Taksih wonten putranipun Pangeran Yonatan satunggal ingkang cacat sampeyanipun.” Faic an caibideil |
Pangeran Yonatan, putrane Prabu Saul kagungan putra kakung, kang cacat sampeyane. Yuswane lagi limang taun, nalika ana pawarta bab Prabu Saul lan Pangeran Yonatan saka Yizreel. Nalika samana dibopong kagawa mlayu inyane, nanging anggone mlayu kesusu putra mau tiba lan banjur dadi pincang, Asmane Mefiboset.