Ing dina iku Sang Yehuwah damel prasetyan karo Rama Abram, pangandikane: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kali ing Mesir nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat,
Prabu Hadadezer dhawuh marang bala Aram kang ana ing sabrangane bengawan Efrat supaya mangsah perang, bala iku banjur wus tekan ing Helam, dipimpin dening Sang Sobakh, senapatine Prabu Hadadezer.
Bareng sakehe raja kang wus katelukake Prabu Hadadezer uninga, yen wis disorake bala Israel, banjur padha ngajak bedhamen karo wong Israel sarta padha teluk; sawuse iku para wong Aram padha wedi mbiyantu marang wong bani Amon maneh.
Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.
Sang Prabu Suleman ngwaosi sakehing karajan wiwit saka bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti lan nganti tekan ing tapel-watese tanah Mesir. Iku padha ngaturake bulu-bekti lan tetep teluk marang Sang Prabu Suleman ing sajege sugenge.
Sabanjure Sang Prabu Dawud ngawonake Sang Prabu Hadadezer, ratu ing Zoba, ana ing sacedhake Hamat, nalika pinuju tindak arep ngiyatake pangwaose ing bengawan Efrat.
Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.
Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.
Sawuse Sang Prabu Saul jumeneng ratu, ngereh Israel panjenengane banjur mangsah perang nglawan sakehe mungsuhe ing ngendi-endi, yaiku: Moab, bani Amon, Edom, para ratu ing tanah Zoba lan wong Filisti. Lan menyanga ngendia bae pangluruge mesthi unggul.