Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 7:9 - Kitab Sutji

9 Ingsun wus nunggil klawan sira ana ing sakehing panggonan kang sira liwati lan wus numpes sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun wus ngluhurake jenengira kaya jenenge wong agung kang ana ing bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 7:9
23 Iomraidhean Croise  

Sira bakal Sundadekake bangsa kang gedhe lan Sunberkahi, sarta jenengira Sundadekake luhur, tuwin sira bakal dadi berkah.


Sang Prabu Dawud ngunjukake kidung pamuji sokur iki marang Sang Yehuwah, nalika Sang Yehuwah wus ngluwari Prabu Dawud saka tangane sakehing mungsuhe lan saka astane Sang Prabu Saul.


Wonten ing patunggilan Paduka kawula wantun mapagaken grombolan, tuwin manawi kaliyan Gusti Allah kawula, kawula wantun nglumpati balowarti.


Sami kawula giles ngantos kados lebuning siti, kawula gecak lan kawula idak-idak kados blethok ing margi.


Iki pangandikane Sang Prabu Dawud kang wekasan: “Wulang bebasane Dawud bin Isai lan wedharing sabdane kang sinengkakake ing ngaluhur, wong kang jinebadan ing Gusti Allahe Yakub, juru masmur kang nengsemake ana ing Israel:


Sang Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya gedhe pangwasane, amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe kang sarwa dumadi nunggil karo panjenengane.


Kalawan mangkono Sang Prabu Dawud banjur kondhang asmane, lan nalika kondur, niwasake bala Edom wolulas ewu ing Lebak Asin.


Panjenengane banjur mrenahake bala sabregada kang ngebroki Edom, temah tlatah Edom kabeh dadi kawulane. Sang Yehuwah paring kaunggulan marang Prabu Dawud menyanga ngendi bae anggone nglurug perang.


Prabu Dawud banjur paring bala sabregada kang ngebroki tlatahe wong Aram ing Damsyik. Wong Aram padha teluk marang Sang Prabu Dawud, lan banjur diwajibake ngaturake bulubekti, Sang Yehuwah paring kaunggulan marang Prabu Dawud menyanga ngendi bae anggone nglurug.


Ingsun wus nunggil kalawan sira ana ing sakehe panggonan kang sira ambah lan wus nyirnakake sakehe mungsuhira saka ing ngarepira. Ingsun bakal damel jenengira kaya jenenge para wong agung kang ana ing bumi.


Kaluhuranipun linangkung margi saking kaunggulan peparing Paduka, punapa dene Paduka paringi kaunggulan kaliyan kamulyan.


Iku ora bakal ditempuh ing mungsuh, apadene kawasesa ing wong culika.


Panjenengane nglorod wong-wong kang kuwasa saka ing kalenggahane, lan ngluhurake wong kang asor.


Anadene Sang Yehuwah nunggil karo Senapati Yusak, sarta pawartane banjur kawentar ana ing sawratane negara kono.


Sang Dawud tansah oleh gawe ing satindake, amarga Sang Yehuwah nunggil karo panjenengane.


Samangsa ratune wong Filisti mangsah perang, saben padha mangsah perang, Sang Dawud mesthi oleh gawe ngungkuli para punggawane Sang Prabu Saul kabeh, temah asmane banjur misuwur banget.


Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu, lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan, kalungguhane jajar karo para bangsa luhur, lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya. Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi; lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.


Dadine Sang Prabu Saul lan putrane telu pisan padha seda lan abdi kang ngampil gegaman tuwin sakehing balane padha bareng tiwas ing dina iku.


Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan