Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 7:3 - Kitab Sutji

3 Nabi Natan tumuli matur marang Sang Prabu: “Inggih sumangga, panjenengan dalem nindakna punapa ingkang wonten ing panggalih dalem, awit Sang Yehuwah nunggil kaliyan panjenengan dalem.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 7:3
14 Iomraidhean Croise  

Nanging bareng sawengi iku uga Sang Yehuwah ngandika marang Nabi Natan:


Nanging imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha sarta Nabi Natan lan Simei tuwin Rei apadene para prawira abdine Sang Prabu Dawud ora padha ngguyubi Pangeran Adhonia.


Bareng wis tekan ing gunung, tumuli nyekel sampeyane abdining Allah, nanging banjur dicedhaki Gehazi arep diundurake. Nanging abdining Allah tumuli ngandika: “Cikben ta, atine lagi sedhih! Pangeran Yehuwah damel wados bab iki tumrap aku, aku ora diparingi sumurup.”


mangkene pangandikane marang Pangeran Suleman: “He putraningsun, ingsun piyambak kagungan karsa arep yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahingsun,


Sang Prabu Dawud banjur jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, heh para saduluringsun lan bangsaningsun! Ingsun kagungan karsa arep yasa dalem pangasoan kanggo pethining prajanjiane Pangeran Yehuwah lan kagem ancik-anciking sampeyane Gusti Allah kita; ingsun uga wus cecawis kanggo kapreluan iku.


Mungguh riwayate Sang Prabu Dawud wiwit wiwitan nganti wekasan, iku katulisan ana ing riwayate Nabi Samuel, wong sidik, lan ana ing riwayate Nabi Natan sarta ing riwayate Nabi Gad, wong sidik,


Sang Prabu mapanake para wong Lewi ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kecer, slukat lan clempung, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud lan Nabi Gad, wong sidik abdining Sang Nata, tuwin Nabi Natan, amarga iku dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar para nabine.


Gusti Allah mugi karsaa ngengeti sakathahing sesaosan dalem kurban, sarta karsaa nampeni kurban obaran dalem. (Selah)


lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu.


Sabab jebadan kang wus padha koktampani saka Panjenengane iku tetep ana ing kowe. Marga saka iku kowe ora prelu diwulang dening wong liya. Nanging kayadene bab anggone njebadi iku mulang marang kowe bab samubarang – lan piwulange iku nyata, ora goroh – lan kayadene anggone Panjenengane biyen wus mulang marang kowe, mangkono uga kowe padha tetepa ana ing Panjenengane.


Samangsa kowe katekan pratandha iki, lakonana apa bae kang tinemu dening tanganmu, amarga Gusti Allah nunggil karo kowe.


Atur wangsulane abdi kang ngampil gegaman: “Sumangga panjenengan dalem tindakaken sakarsa dalem, adalem namung ndherek kemawon.”


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan