Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 7:2 - Kitab Sutji

2 Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika manggen wonten ing griya kajeng eres, mangka pethinipun Gusti Allah wonten ing ngandhap tendha.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 7:2
24 Iomraidhean Croise  

Nanging Uria matur marang Sang Prabu Dawud: “Pethinipun Allah sarta tiyang Israel lan Yehuda sami wonten ing tarub, punapa dene Senapati Yoab saha para abdi dalem sami akemah wonten ing teba, kawula kok mantuk ngeca-eca nedha lan ngombe tuwin tilem kaliyan semah kawula? Demi sugeng saha nyawa panjenengan dalem kawula boten pisan-pisan badhe tumindak makaten.”


Sang Yehuwah Banjur utusan Nabi Natan sowan marang ngarsane Prabu Dawud. Tekan ing ngarsane Sang Prabu nuli munjuk, ature: “Ing satunggaling kitha wonten tiyang kalih: ingkang satunggal sugih, ingkang satunggal mlarat.


Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, nglampahake utusan marang ngarsane Sang Prabu Dawud lan ngintuni kayu eres sarta tukang kayu lan tukang batu; iku padha ngyasakake kraton Sang Prabu Dawud.


Pethine Sang Yehuwah diusung mlebu banjur diprenahake ana ing panggonane, ing sajroning kemah kang wus dipasang dening Sang Prabu Dawud kanggo iku, lan sawuse iku nuli nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.


Nabi Natan banjur matur marang Sang Prabu Dawud cundhuk karo pangandika iku lan ora siwah karo wahyu kang ditampa.


Ing sajrone Sang Putri Batsyeba munjuk ana ing ngarsane Sang Prabu iku, Nabi Natan lumebet sowan.


Nanging imam Zadhok lan Benaya bin Yoyadha sarta Nabi Natan lan Simei tuwin Rei apadene para prawira abdine Sang Prabu Dawud ora padha ngguyubi Pangeran Adhonia.


Azarya bin Natan dadi panggedhening para kepala-dhaerah. Zabud bin Natan iku imam kang dadi mitrane Sang Prabu.


Sang Prabu nuli nglajengake pangandikane: “Ing nalika Sang Prabu Dawud, ramaku, kagungan karsa arep ngedegake padaleman kagem asmaning Pangeran Yehuwah Allahe Israel,


Sang Prabu Hiram, ratu ing nagara Tirus, ngintunake utusan marang Sang Prabu Dawud kalawan nggawa kayu Eres, tukang-tukang batu lan tukang-tukang kayu arep yasa kadhaton kagem Sang Prabu.


Pethining Allah banjur kagawa mlebu, kaprenahake ing satengahing tarub, kang wus kacawisake dening Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur padha nyaosake kurban obaran lan kurban kaslametan ana ing ngarsaning Allah.


mangkene pangandikane marang Pangeran Suleman: “He putraningsun, ingsun piyambak kagungan karsa arep yasa padaleman kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahingsun,


Mungguh riwayate Sang Prabu Dawud wiwit wiwitan nganti wekasan, iku katulisan ana ing riwayate Nabi Samuel, wong sidik, lan ana ing riwayate Nabi Natan sarta ing riwayate Nabi Gad, wong sidik,


– Nanging Sang Prabu Dawud wus mboyong pethining Allah saka Kiryat-Yearim menyang ing papan kang wus kacawisake, – sabab panjenengane wus ngyasakake tarub ana ing Yerusalem.


Sang Prabu mapanake para wong Lewi ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kecer, slukat lan clempung, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud lan Nabi Gad, wong sidik abdining Sang Nata, tuwin Nabi Natan, amarga iku dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar para nabine.


Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Suleman wiwit wiwitan nganti tekan ing wekasan, kabeh iku rak katulisan ana ing riwayate Nabi Natan lan ing pamedhare wangsit Nabi Ahia, wong Silo, tuwin ing wahyu-wahyune Idho, wong sidik, bab Sang Prabu Yerobeam bin Nebat?


anggenipun supaos dhumateng Sang Yehuwah, saha nglairaken punagi dhumateng Allahipun Rama Yakub, ingkang Mahakuwaos makaten:


ngantos kawula manggih papan kagem Pangeran Yehuwah, padaleman kagem Ingkang Mahakuwaos, Allahipun Rama Yakub.”


Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


“Apa iya wus tekan titi-mangsane sira padha manggon ana ing omahira dhewe kang linapis gebyog apik, mangka Padaleman iki tetep dadi jugrugan?


Para sakabate tumuli kelingan manawa ana tulisan mangkene: “Katresnan Kawula dhateng Padaleman Paduka punika ngantos nggrantesaken Kawula.”


Sang Prabu Dawud sampun tampi sih-rahmat wonten ing ngarsanipun Gusti Allah saha nyuwun, pinarengna ngadegaken satunggaling padaleman kagem Allahipun Rama Yakub.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan