Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 5:3 - Kitab Sutji

3 Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 5:3
16 Iomraidhean Croise  

Wong Yehuda nuli padha nekani, sarta padha njebadi panjenengane dadi ratune para turune Yehuda. Nalika Sang Prabu Dawud diaturi pirsa, yen para wong Yabesy-Gilead padha nyarekake Sang Prabu Saul,


Disantosa atinira saiki lan padha dadia wong kang gagah prakosa, sanadyan gustinira Sang Prabu Saul wus seda; dene ingsun wus dijebadi dening tedhake Yehuda dadi ratune.”


Senapati Abner munjuk marang Sang Prabu Dawud: “Keparenga kawula ngempalaken sakathahing tiyang Israel kasowanaken wonten ing ngarsa dalem, supados sami damela prajanjian kaliyan gusti kawula, lan gusti lajeng jumenenga ratu mengku samudayanipun ingkang panjenengan dalem karsakaken.” Sang Prabu Dawud banjur nglilani Senapati Abner mundur lan tindak kanthi slamet.


Imam Zadhok lan Nabi Natan nuli njebadana dheweke ana ing kana, kadadekna ratu ing Israel; sawuse mangkono, kowe padha ngunekna kalasangka kalawan padha alok-aloka: Sugenga Sang Prabu Suleman!


Imam Yoyadha tumuli damel prajanjian ing antarane Pangeran Yehuwah kalawan Sang Prabu lan rakyat, yaiku manawa kabeh padha dadi umate Sang Yehuwah; uga antarane Sang Prabu lan rakyat.


Kabeh wong Israel banjur padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron lan matur: “Kauningana, kawula sadaya punika sami tunggil balung tunggil daging kaliyan panjenengan dalem.


Sakahe para tetuwane Israel tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Nata ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud banjur nganakake prajanjian karo wong-wong mau ana ing Hebron ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Sang Prabu Dawud nuli jinebadan dadi ratu ing Israel, kayadene kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Samuel.


Anadene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, wus kepareng milih ingsun saka ing antarane sakehe kulawangsaningsun kadadekake ratu ing Israel kanggo ing salawas-lawase; amarga Panjenengane wus milih Yehuda dadi pemimpin, lan kulawangsaningsun saka ing antarane bani Yehuda, sarta saka ing antarane para putrane ramaningsun, Panjenengane kepareng njumenengake ingsun dadi ratu ing saindenging Israel.


Imam Yoyadha nuli damel prajanjian ing antarane panjenengane kalawan rakyat kabeh karo Sang Prabu, manawa kabeh padha dadi umating Yehuwah.


Adhedhasar iki mau kabeh, aku banjur padha nganakake prajanjian kang kenceng, kang padha daktulis, sarta kaecapan dening para panggedheku, para wong Lewi lan para imamku.


Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.


Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur nglurug saka ing kutha Eglon menyang ing kutha Hebron, kadherekake dening wong Israel kabeh, kutha iku tumuli ditempuh ing prang.


Sang Yefta dadine nyarengi lakune para tetuwane wong ing Gilead, banjur dijumenengake dening wong akeh dadi panggedhe lan tetindhihe. Nanging Sang Yefta banjur ngaturake sakehing prakarane ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ana ing Mizpa.


Wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang Gilgal lan njumenengake Sang Prabu Saul dadi ratu ana ing kono ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal, lan ing kono padha nyaosake kurban kaslametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Sang Prabu Saul lan sakehing wong Israel padha suka-suka rame banget ana ing kono.


Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.


Sakarone banjur padha prasetya ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Lan Sang Dawud lereb ana ing Khoresa, dene Pangeran Yonatan kondur menyang ing daleme.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan