II SAMUEL 5:2 - Kitab Sutji2 Sampun lami, nalika Sang Prabu Saul ngereh kawula sadaya, panjenengan dalem ingkang mimpin sadaya mobah-mosikipun tiyang Israel. Saha Sang Yehuwah sampun ngandika dhateng panjenengan dalem: Sira kang bakal ngengon umatingSun Israel lan sira kang jumeneng ratu mengku Israel.” Faic an caibideil |
“Sira balia lan matura marang Hizkia, ratuning umatingSun: Mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Pandonganira wus Sunpiyarsakake lan eluhira wus Sunpirsani. Lah Ingsun bakal paring waras marang sira; ing dina kang katelu sira bakal lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah.
Jalaran pancen wus mungguh karo kaananing Allah, – kang kagem Panjenengane sarta dening Panjenengane anggone samubarang kabeh iku dititahake –, yaiku Gusti Allah kang nuntun wong akeh marang kamulyan, uga nyampurnakake Gusti Yesus, kang ngirid wong-wong iku marang karahayon, srana nandhang sangsara.
Nanging sapunika karajan dalem boten badhe lestantun. Sang Yehuwah sampun miji tiyang ingkang ndadosaken keparenging penggalihipun lan Panjenenganipun sampun nuding tiyang wau kajumenengaken ratu kangge umatipun, amargi panjenengan dalem boten netepi punapa ingkang dados dhawuhipun dhumateng panjenengan dalem.”
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Sapira lawase anggonira nandhang prihatin, marga saka Saul? Wong iku rak wus Suntampik anggone dadi ratune Israel? Wadhahira sungu isenana lenga lan mangkata. Sira Sunutus menyang ing omahe Isai, wong Betlehem, awit anake ana kang Sunpilih dadi ratu tumrap Ingsun.”
Panjenengan dalem mugi karsaa ngapunten kalepatanipun abdi dalem, amargi Sang Yehuwah temtu badhe mbangun malih tedhak-turun panjenengan dalem ingkang santosa; panjenengan dalem punika nindakaken perangipun Sang Yehuwah, lan boten wonten ingkang awon ingkang pinanggih ing panjenengan dalem ing sasugeng panjenengan dalem.