Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 4:9 - Kitab Sutji

9 Nanging Sang Prabu Dawud ngandika marang Rekhab lan Baana, anak-anake Rimon, wong ing Beerot, dhawuhe: “Demi asmane Sang Yehuwah kang agesang, kang wis ngluwari nyawaningsun saka sakehing karubedan!

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 4:9
14 Iomraidhean Croise  

Sang Malaekat kang wus nguwalake aku saka sarupaning bebaya, muga karsaa mberkahi bocah-bocah anom iki, supaya dadia jalarane jenengku sarta asmane eyangku lan ramaku, iya Eyang Abraham lan Rama Iskak dadi misuwur marga saka bocah-bocah iki, sarta padha ngambra-ambra nganti dadi akeh banget ana ing bumi.”


Putrane Sang Prabu Saul kagungan tetindhihing grombolan loro, kang siji jenenge Baana lan sijine Rekhab, sakarone anake Rimon, wong Benyamin saka ing Beerot. Amarga Beerot iku uga kaetung klebu tlatah Benyamin.


Sang Nata nuli supaos pangandikane: “Demi Pangeran Yehuwah kang gesang, kang wus ngluwari nyawaku saka ing sakehing karubedan,


Kang ngentas uripmu saka ing kubur, lan makuthani kowe kalawan kadarman lan kawelasan,


Kaya mangkono anggone padha diluwari saka ing tanganing wong kang sengit, sarta padha diuwalake saka ing tanganing mungsuh.


Mangkonoa pangucape para wong kang padha katebus dening Yehuwah, kang ditebus saka ing pangwasane kang gawe susah,


wedanane Pangeran Yehuwah nglawan para wong kang gawe piala, supaya pangenget-enget tumrap wong-wong mau kasirnakake saka ing bumi.


Wong duraka bakal dipateni dening kasangsaran, sarta sing sapa sengit marang wong mursid, mesthi oleh paukuman.


Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka, amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!


Lambe kawula surak-surak ngidung masmur kagem Paduka, ugi nyawa kawula ingkang sampun Paduka luwari.


Sajatosipun, kados dene nyawa dalem sampun kawula eman wonten ing ngajeng kawula, makaten ugi mugi nyawa kawula kaemana wonten ing ngarsanipun Pangeran Yehuwah, lan mugi Panjenenganipun ngluwari kawula saking sakathahing bebaya.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan