Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 4:4 - Kitab Sutji

4 Pangeran Yonatan, putrane Prabu Saul kagungan putra kakung, kang cacat sampeyane. Yuswane lagi limang taun, nalika ana pawarta bab Prabu Saul lan Pangeran Yonatan saka Yizreel. Nalika samana dibopong kagawa mlayu inyane, nanging anggone mlayu kesusu putra mau tiba lan banjur dadi pincang, Asmane Mefiboset.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 4:4
10 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prabu ngowel marang Mefiboset bin Yonatan bin Saul, amarga saka supaose demi Sang Yehuwah antarane Prabu Dawud karo Pangeran Yonatan bin Saul.


Mengkono dadine Sang Mefiboset manggen ana ing Yerusalem; amarga lestari kembul dhahar karo Sang Prabu. Mangka sampeyane karo pisan pincang.


Sang Prabu banjur ndangu maneh: “Apa ora ana kulawargane Prabu Saul maneh? Ingsun arsa nandukake kawlasan kang saka Gusti Allah.” Ziba nuli munjuk marang Sang Prabu: “Taksih wonten putranipun Pangeran Yonatan satunggal ingkang cacat sampeyanipun.”


Anadene Sang Mefiboset bin Yonatan bin Saul banjur mlebu seba marang ngarsane Prabu Dawud, sujud lan nyembah. Pangandikane Prabu Dawud: “Mefiboset.” Atur wangsulane: “Nuwun inggih, kawula abdi dalem.”


Nanging Sang Hadad oncat, bebarengan karo punggawa sawatara, abdine kang rama, lan ngungsi menyang Mesir; anadene Sang Hadad iku isih timur banget.


Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.


Pangeran Yonatan peputra Sang Meribaal, lan Sang Meribaal nurunake Sang Mikha.


Wong Filisti ngumpulake sakehe wadyabalane ana ing Afek, dene wong Israel pacak baris ana ing sacedhake sendhang ing Yizreel.


Esuk umun-umun Sang Dawud wungu dalah para wadyabalane, banjur padha budhal bali menyang ing tanahe wong Filisti, dene wong Filisti padha nglurug menyang ing Yizreel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan