Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 3:3 - Kitab Sutji

3 putrane panenggak, patutan saka Abigail randhane Nabal, wong ing Karmel, asmane Kileab; putrane pandhadha asma Absalom, patutan saka Sang Putri Maakha, putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 3:3
22 Iomraidhean Croise  

Sawuse iku ana lelakon kaya ing ngisor iki: Pangeran Absalom, putrane Sang Prabu Dawud kagungan rayi putri kang ayu warnane, asmane Tamar: lan Sang Amnon putrane Sang Prabu Dawud kasmaran marang putri iku.


Senapati Yoab banjur tindak menyang ing Gesur lan ndherekake Pangeran Absalom kondur menyang Yerusalem.


Nanging Sang Prabu ngandika: “Absalom kareben njujug ing omahe dhewe, aja nganti sowan ana ing ngarsaningsun.” Dadine Pangeran Absalom njujug ing daleme lan ora sowan marang ngarsane Sang Prabu.


Pangandikane Pangeran Absalom marang Yoab: “Inggih, kula sampun kengkenan tiyang mawi kula weling; panjenengan kula suwun rawuh mriki badhe kula purih sowan dhateng Sang Nata ngunjukaken atur kula makaten: Punapa prelunipun kawula wangsul saking tanah Gesur? Aluwung kawula tetep manggen wonten ing ngrika. Lah sapunika kula badhe sowan dhateng Sang Prabu. Manawi kawula kaanggep lepat, inggih sumangga kaukuma pejah.”


Sawuse kelakon patang taun Pangeran Absalom munjuk marang Sang Prabu: “Mugi kalilana kawula kesah dhateng Hebron prelu ngluwari ujar kawula ingkang sampun kawula lairaken dhateng Sang Yehuwah.


Amargi abdi dalem punika nalika taksih wonten ing Gesur, ing tanah Aram, gadhah nadar makaten: Manawa Yehuwah sanyata marengake aku mulih menyang Yerusalem, aku bakal ngabekti marang Sang Yehuwah.”


Sang Prabu temah kaget lan sungkawa banget, nuli minggah menyang lotenging gapura, sarta banjur muwun. Sajrone tindak pangandikane mangkene: “Adhuh anakku engger Absalom, ngger, anakku Absalom! Bok luwung aku bae kang mati dadia lirumu. Adhuh Absalom, anakku, anakku!”


Senapati Dawud banjur tindak mrana, kadherekake garwane karo pisan: Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel, lan Abigail, randhane Nabal, wong ing Karmel.


Ing sajege sugenge Sang Adhonia iku durung tau didukani dening kang rama, kalawan dipangandikani: “Yagene kowe kok tumindak mangkono?” Sang Pangeran iku bagus warnane tur putra panenggak, yaiku sawuse Sang Pangeran Absalom.


Nuli matur: “Panjenengan dalem piyambak mirsa, bilih ingkang wenang jumeneng ratu punika kawula, tuwin tiyang Israel sadaya ngajeng-ajeng supados kawula jumeneng ratu; nanging wusananipun kalenggahan raja dhumawah ing rayinipun dalem, awit punika katampi saking Pangeran Yehuwah.


Iki para putrane Sang Prabu Dawud kang miyos ana ing Hebron: kang pambajeng yaiku Pangeran Amnon, kang ibu asma Ahinoam, saka ing Yizreel; kang angka loro yaiku Pangeran Dhaniel, kang ibu asma Abigail, saka ing Karmel;


putra kang angka telu Pangeran Absalom, kang ibu asma Maakha, putri putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur; putra kang angka papat Pangeran Adhonia, kang ibu asma Hagit;


Yair anake Manasye oleh panduman satlatahe tanah Argob kabeh nganti tekan ing tlatahe wong Gesur lan wong Maakha, dene tanah Basan iku banjur diarani Hawot-Yair, miturut jenenge dhewe, nganti saprene.


Nanging wong Israel ora nundhungi wong Gesur lan wong Maakha mau, satemah wong Gesur lan wong Maakha lestari padha manggon ana ing tengahe wong Israel nganti tumeka saprene.


Ana dene jenenge Nabal lan somahe Abigail. Wong wadon iku limpad ing budi lan ayu rupane, nanging sing lanang iku kasar lan wateke ala. Wong iku turune Kaleb.


Abigail banjur enggal-enggal tata-tata lan nunggang kuldine lan diiringake batur wadon lima. Abigail budhal ngetutake utusane Sang Dawud iku, lan banjur dadi garwane Sang Dawud.


Sang Dawud sabalane mangsah nglurug wong Gesur, wong Girzi lan wong Amalek, amarga wong iki kang padha ngenggoni negara iku wiwit saka Telam terus tekan tanah Sur lan tanah Mesir.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan