Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 22:9 - Kitab Sutji

9 Kukus kumelun saka ing granane, geni melet-melet saka ing tutuke, mawa mengangah metu saka Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 22:9
17 Iomraidhean Croise  

Marga cahyaning kilat ing ngarsane mawa dadi mengangah.


Dhasar-dhasaring samodra banjur padha katon, tales-talesing jagad padha kaungkaban, marga dukane Sang Yehuwah lan sumiyuting napas saka granane.


Padha tumpes dening napasing Allah, lebur dening bantering bebendune.


Jemparing-jemparinge dilepasake temah mungsuhe padha buyar, nlorongake bledheg, satrune padha bingung.


Ing kono bumi banjur horeg gonjang-ganjing, sarta dhasar-dhasaring gunung padha horeg lan gumeter, amarga saka mulad-mulading bebendune.


Gunung Sinai katutupan ing pega kabeh, marga Sang Yehuwah nedhaki gunung mau ing sajroning geni; pegane kumelun kaya kukus ing pawon, lan gununge banget anggone gonjang-ganjing.


Miturut sawangane wong Israel cahya kamulyane Sang Yehuwah iku kaya geni kang nggesengake pucake gunung.


Pangeran Yehuwah rawuh ngatingal saka ing padalemane kang adoh – bebendune mulad-mulad, rawuhe ana ing sajrone mega peteng kang gembuleng-gembuleng, lathine kebak deduka, lan lidhahe kaya geni kang memangsa nganti gusis;


Sabab papaning pangobongan wus katata wiwit ing biyen – iku rak kanggo raja – dhasare kagawe jero lan amba, pancakane kebak geni lan kayu; napasing Yehuwah nggesengake kaya kali walirang.


Sira bakal Sundadekake kawulane mungsuhira, ana ing nagara kang ora sira sumurupi, amarga bebenduningSun wus metokake geni, kang mulad-mulad ngenani sira.”


Mulane pangandikane Sang Yehuwah, Allahing kang sarwa dumadi mangkene: “Sarehne padha ngucap mangkono, mulane bakal kelakon mangkene tumrap wong iki: Lah Ingsun bakal ndadosake pangandikaningSun dadi geni ana ing cangkemira, lan bangsa iki dadi kayubong, dene geni bakal ngobong dheweke nganti entek.


Pageblug lumaku ana ing ngarsane, sarta lelara panas ndherekake tindake.


Awitdene bebenduningSun wus ngurubake geni, nganti makantar-kantar tekan ing jagade wong mati kang ngisor dhewe; geni iku mangsa marang bumi dalah pametune, sarta nggosongake dhasare gunung-gunung.


Sabab Gusti Allah iya asipat geni kang gawe gosong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan