Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 22:7 - Kitab Sutji

7 Nalika aku nandhang karibedan, aku sesambat marang Sang Yehuwah, marang Gusti Allahku anggonku sesambat. Lan Panjenengane miyarsakake swaraku saka ing padalemane, pasambatku nyuwun pitulung tumama ing talingane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 22:7
16 Iomraidhean Croise  

Sajroning karubedane mau nuli padha sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur padha diluwari saka ing sangsarane,


Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.”


Kidung jiyarah. Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur disembadani:


Aku digubed ing jireting teleng palimengan, kalajireting pati ngadhang-adhangi aku.


Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpengini muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.


Padha mandenga marang Pangeran Yehuwah, ulatmu mesthi bakal padha dibingarake, sarta mesthi ora bakal padha kawirangan.


Pangandikane Pangeran Yehuwah: “Ingsun wus nggatosake kalawan temenan marang kasangsarane umatingSun kang ana ing Mesir, sarta wus miyarsa panangise marga saka kang padha nindhes. Ingsun nguningani kasangsarane.


Ing ngriku unjuk kawula: Kawula sampun kasebrataken saking ing ngarsaning paningal Paduka, punapa kawula badhe saged nyawang malih dhateng padaleman Paduka ingkang suci.


Nalika nyawa kawula nglumpruk nglemprek wonten ing batos kawula, kawula enget dhateng Pangeran Yehuwah, sarta pandonga kawula sumengka dhateng ing ngarsa Paduka wonten ing padaleman Paduka ingkang suci.


Nanging Pangeran Yehuwah ana ing padalemane kang suci. He, salumahing bumi, padha menenga ana ing ngarsane!


Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.


Nalika sugenge ana ing daging, Panjenengane wus ngaturake pandonga sarta panyuwun kanthi muwun lan sesambat marang Panjenengane, kang kuwaos milujengake saka pati, sarta marga saka kamursidane Panjenengane wus dipidhangetake.


Sajatine wus kaprungu panguwuh-uwuh, amarga opahing buruh kang wis padha ngeneni pametuning tegalmu koktahan, pangresulane wong kang padha derep wis kapireng ing talingane Pangeraning sakabehe tumitah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan