Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 22:3 - Kitab Sutji

3 Gusti Allah kawula, peparang kawula, pangauban kawula, tameng kawula, singating karahayon kawula, kitha beteng kawula, papan pangungsen kawula, pamarta kawula; Paduka ingkang ngluwari kawula saking panganiaya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 22:3
52 Iomraidhean Croise  

Sawuse lelakon mau banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Rama Abram sajroning tetingalan wahyu, dhawuhe: “Sira aja wedi Abram, Ingsun iki tetamengira, ganjaranira bakal luwih dening gedhe.”


Anadene Gusti Allah iku margine sampurna, sabdane Sang Yehuwah iku murni, Panjenengane iku dadi tameng tumrap sakehing wong, kang ngaub marang Panjenengane.


Sang Yehuwah iku agesang! Pinujia peparangku, linuhurna Gusti Allah paranging karahayonku.


tuwin wus ngluwari aku saka tanganing mungsuhku. Lan Paduka sampun ngluhuraken kawula ngungkuli ingkang tumandang nglawan kawula; Paduka sampun ngluwari kawula saking para juru panganiaya.


Panjenengane maringi karaharjan kang gedhe marang ratu kang dijumenengake, lan nandukake sihkadarman marang kang jinebadan, marang Dawud lan anak-putune nganti salawas-lawase.”


Gusti Allahe Israel ngandika, peparange Israel ngandika marang aku: Yen sawijining wong ngereh manungsa klawan adil, mrentah klawan wedi asih marang Gusti Allah,


Kowe padha bisa ngerang-erang kekarepane wong kang katindhes, nanging Sang Yehuwah jumeneng dadi pangayomane.


Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane Prabu Dawud.


Sami kaesokana ing mawa! kacemplungna wonten ing jurang, satemah boten saged mentas malih.


Sami nglandhepaken ilatipun kados sawer, wisanipun sawer bedhudhak wonten ing lambenipun. (Selah)


Manawi manah kawula nglentrih, Paduka nguningani lampah kawula. Wonten ing margi ingkang kawula ambah, tiyang wau sami masangi jiret kawula kalayan singidan.


kang dadi pangaubanku lan bebetengku, kuthaku kang santosa lan kang ngluwari aku tetamengku sarta papan pangungsenku, kang nelukake bangsa-bangsa marang ing pangwasaku!


Unjuke mangkene: “Kawula tresna dhumateng Paduka, dhuh Yehuwah ingkang dados karosan kawula!


Sabab Pangeran ngayomi aku ana ing pasanggrahane, manawa ana bebaya; ngaling-alingi aku ana ing papan kang ndhelik ing sajroning tarube. Panjenengane mrenahake aku ana ing sadhuwuring parang.


Sang Yehuwah iku kakuwatanku lan tetamengku, atiku kumandel marang Panjenengane. Aku wus kapitulungan, mulane atiku bungah-bungah, sarta aku ngunjukake panuwun marang Panjenengane kalawan kekidungan.


kathah tiyang ingkang mungel tumrap kawula makaten: “Iku mesthi ora oleh pitulungan saka Gusti Allah.” (Selah)


Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, Paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak. (Selah)


Kanggo lurah pasindhen. Saka bani Korakh. Lagune: Alamot. Kidungan.


“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah! Ingsun kaluhurake ana ing tengahing para bangsa, linuhurake ana ing bumi!”


Gusti Allah iku dadi papan pangayoman lan karosan kita, nyata banget kang mitulungi sajroning karubedan.


Para bangsa padha geger, sakehing karajan padha gonjing, Panjenengane ngedalake swarane, bumi temah ajur mumur.


Nanging sakathahipun tiyang ingkang ngungsi dhumateng Paduka, badhe sami suka rena, sami surak-surak ing salaminipun margi sami Paduka ayomi saha margi saking Paduka tiyang ingkang tresna dhumateng Paduka badhe sami sumyak-sumyak.


Aku bakal enggal-enggal golek papan pangungsen, ngoncati angin gedhe lan prahara.”


Sami nglambrang ngupados tedha, manawi boten tuwuk, lajeng sami nggereng.


Saking pungkasaning bumi kawula nyebut asma Paduka, amargi manah kawula lesu nglentrih, Paduka mugi karsaa nuntun kawula minggah ing redi parang ingkang kinggilen tumrap kawula.


Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah, amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa.


Panjenenganipun badhe nebus nyawanipun saking panindhes tuwin panganiaya, rahipun dipun anggep adi wonten ing paningalipun.


Wonten ing plataran Paduka sadinten punika prayoginipun nglangkungi sewu dinten wonten ing sanes panggenan; kawula milaur ngadeg ing korining padalemanipun Allah kawula, punika langkung sae katimbang kaliyan manggen wonten ing kemahipun tiyang duraka.


Dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula, mugi karsaa nilingaken dhateng kawula, dhuh Gusti Allahipun Rama Yakub. (Selah)


Dhuh Allah, tiyang ingkang angkuh sami gumregah nempuh kawula, saha grombolaning tiyang gumunggung sami ngangkah dhateng nyawa kawula, sarta boten mreduli dhumateng Paduka.


Iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah dadi pangauban tumrap wong kang katindhes, dadi pangauban ing wektu karubedan.


Iya Panjenengane iku kang ngukumi jagad kalawan adil, sarta ngadili para bangsa kalawan patitis.


Pangeran Yehuwah iku kakuwatanku lan masmurku, kang dadi kaslametanku. Panjenengane iku Gusti Allahku kang dakalembana, Panjenengane iku Gusti Allahe bapakku kang dakluhurake.


Asmane Pangeran Yehuwah iku menara kang santosa, wong bener padha ngungsi mrono temah slamet.


Kabeh sabdane Gusti Allah iku murni, Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane.


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


tuwin sawiji-wijine bakal kayadene papan pangauban samangsa ana angin sarta papan pangayoman samangsa ana prahara, kayadene ilen-ilen banyu ing papan kang garing, kayadene aube watu kang gedhe ing tanah kang ngenthak-enthak.


Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira, cikben padha rerembugan bebarengan: Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula, tuwin kang mratelakake wiwit biyen? Apa dudu Ingsun, Yehuwah? Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun! Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet, ora ana liyane kajaba Ingsun!


Dhuh Sang Yehuwah, Paduka punika karosan lan beteng kawula, pangungsen kawula ing dinten karibedan! Para bangsa saking poncoting bumi sami badhe sowan ing ngarsa Paduka lan munjuk makaten: “Sayektos, leluhur kawula punika namung ndarbeni dewaning para cidra, dewa ingkang tanpa paedah, ingkang satunggal kemawon boten wonten ingkang migunani.


Awit Sang Yehuwah, Gustining kang sarwa dumadi, Gusti Allahe Israel, ngandika mangkene: Lah ana ing panggonan kene, ana ngareping mripatira lan ing jamanira, Ingsun bakal ngandhegake sabawaning wong bungah-bungah lan suka-parisuka, apadene sabawaning penganten lanang lan wadon.


lan atiku bungah marga saka Allah, Juruslametku.


Panjenengane nukulake sunguning karahayon kanggo kita ana ing tedhake Sang Prabu Dawud, abdine,


supaya kita luwar saka ing mungsuh-mungsuh kita lan saka ing tangane kabeh wong kang padha sengit marang kita.


Ing kono Panjenengane bakal ngandika: Ana ing ngendi allah-allahe – gunung parang kang dadi pangungsene –,


Gunung Parang, kang sampurna pakaryane, jejeg sakehe margine; marga Gusti Allah kang setya-tuhu, ora ana kaculikane, Panjenengane iku bener lan adil.


Rahayu kowe, he Israel, sapa kang madhani kowe, sawijining bangsa kang kaluwaran dening Pangeran Yehuwah, tameng pitulungan lan pedhanging kaunggulanmu. Mulane mungsuhmu bakal padha nungkul sumuyud marang kowe, sarta kowe bakal lumaku ngambah ing punthuk-punthuke.”


Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,


kang wus kaesokake marang kita dening Gusti Yesus Kristus, Pamarta kita,


Sarta maneh: “Aku bakal pracaya marang Panjenengane,” lan maneh: “Satemene, lah iki Aku sarta anak-anak kang wis diparingake dening Gusti Allah marang Aku.”


Hana banjur ndedonga, unjuke: “Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah; cangkem kawula ngolok-olok satru kawula, awit kawula asuka-rena margi saking pitulungan Paduka.


Boten wonten ingkang sucinipun nyameni Paduka, margi boten wonten sanesipun kejawi Paduka, lan boten wonten redi parang ingkang kados Gusti Allah kawula.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan