II SAMUEL 22:1 - Kitab Sutji1 Sang Prabu Dawud ngunjukake kidung pamuji sokur iki marang Sang Yehuwah, nalika Sang Yehuwah wus ngluwari Prabu Dawud saka tangane sakehing mungsuhe lan saka astane Sang Prabu Saul. Faic an caibideil |
Manawi wonten tiyang ingkang gumregah badhe ngarah nyawa panjenengan dalem, nyawa panjenengan dalem badhe rinimatan ing buntelan panggenaning para tiyang ingkang gesang wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan dalem, namung nyawanipun para mengsah panjenengan dalem badhe kabandhilaken saking lekokaning bandhil.
Nanging Sang Dawud panggalihe mengkene: “Kapriye bae ing sawijining dina aku mesthi nemu tiwas dening astane Sang Prabu Saul. Dadi luwih becik manawa aku enggal-enggal sumingkir saka ing kene menyang ing negarane wong Filisti, temah tumrap Sang Prabu Saul bakal ora bisa nglari aku maneh ana ing saindenging tanah Israel lan aku bakal uwal saka ing astane.”