Pangeran Isyboset bin Saul ing wektu samana yuswane patang puluh taun, nalika jumeneng ratu, ngereh bangsa Israel, dene anggone ngasta paprentahan lawase rong taun. Mung tedhake Yehuda kang ndherek Sang Prabu Dawud.
Salawase ana peperangan antarane kulawargane Sang Prabu Saul lan kulawargane Sang Prabu Dawud, Sang Abner saya gedhe pangaribawane ing satengahe kulawargane Prabu Saul.
Saka bani Benyamin, para sadhereke Sang Prabu Saul tunggal suku, ana telung ewu, nganti tumeka dhek samana wong-wong mau isih akeh kang tetep sumuyud marang kulawangsane Sang Prabu Saul.
Mungguh sarasilahe turune Asyer iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe ing talere, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.
Dene tlatahe bani Efraim miturut gotrahe iku mangkene: tapel-watesing tanah-pusakane iku ing sisih wetan wiwit ing Atarot-Adar tutug ing Bet-Horon ing tengger.
Taler Manasye undhiane iya banjur oleh, amarga iku putra pambajenge Sang Adipati Yusup. Makhir pembarepe Manasye, bapakne Gilead, iku sarehne prajurit, mulane wus kaparingan tanah Gilead lan Basan.
Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.