Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 2:4 - Kitab Sutji

4 Wong Yehuda nuli padha nekani, sarta padha njebadi panjenengane dadi ratune para turune Yehuda. Nalika Sang Prabu Dawud diaturi pirsa, yen para wong Yabesy-Gilead padha nyarekake Sang Prabu Saul,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 2:4
16 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu wis utusan wong marani Imam Zadhok lan Imam Abyatar sarta padha kaweling: “Rembugana karo para tuwa-tuwane Yehuda mangkene: Yagene kowe malah kang kari dhewe anggonmu ngaturi kondur Sang Prabu menyang kratone?” Amarga rembuge wong Israel kabeh wis kapiyarsa dening Sang Prabu.


Wong Yehuda kabeh banjur padha mangsuli marang wong Israel: “Amarga Sang Prabu iku sadulurku. Kena apa kowe kok padha nepsu marga saka prakara iki? Apa aku padha mangan apa-apa kanthi wragat saka Sang Prabu? Apa aku padha oleh kauntungan?”


Prabu Dawud anggone ngereh tedhake Yehuda ana ing Hebron lawase pitu setengah taun.


Disantosa atinira saiki lan padha dadia wong kang gagah prakosa, sanadyan gustinira Sang Prabu Saul wus seda; dene ingsun wus dijebadi dening tedhake Yehuda dadi ratune.”


Bareng Sang Prabu mirsa apa kang ditindakake dening Rispa, anake wadon Aya, garwane ampeyan Sang Prabu Saul,


Sang Prabu Dawud banjur tindak mundhut balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra, saka wong Yabesy-Gilead, kang padha nyolong balung-balung iku saka ing ara-ara ing Bet-San, ing panggonane anggone padha digantung dening wong Filisti, nalika wong Filisti padha ngasorake perange Prabu Saul ana ing Gilboa.


Bareng wong Filisti padha krungu, yen Prabu Dawud wus dijebadi jumeneng ratu mengku Israel, kabeh banjur padha nglurug sumedya nyekel Prabu Dawud. Nanging Prabu Dawud mirsa prakara iku banjur mlebet ing beteng.


Dadine sakehe para tuwa-tuwane Israel padha seba ana ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron; Sang Prabu banjur nganakake prajanjian karo para wong iku ana ing Hebron, ing ngarsane sang Yehuwah; wasana padha njebadi Sang Prabu Dawud dadi ratu mengku Israel.


Ana ing Hebron panjenengane ngereh Yehuda pitung taun nem sasi lan ana ing Yerusalem anggone ngratoni satlatahe Israel lan Yehuda kabeh lawase telung puluh telu taun.


Sawuse mangkono Imam Yoyadha tumuli ngajak miyos Sang Raja-Putra, kang banjur diagemi makutha lan diaturi ngasta Kitab Toret. Sang Raja-Putra kajumenengake ratu sarta jinebadan, kalawan keplok-keplok wong-wong tumuli padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu!”


Bareng wong ing Yabesy-Gilead kabeh padha krungu apa kang katandukake dening wong Filisti marang Sang Prabu Saul,


Sakahe para tetuwane Israel tumuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Nata ana ing Hebron, Sang Prabu Dawud banjur nganakake prajanjian karo wong-wong mau ana ing Hebron ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Sang Prabu Dawud nuli jinebadan dadi ratu ing Israel, kayadene kang wus kapangandikakake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Samuel.


Iki cacahe wadya-bala kang sikep gegamaning perang kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron, prelu ngunjukake kalenggahan ing ratu Sang Prabu Saul marang Sang Prabu Dawud, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah.


Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan