Iki cacahe wadya-bala kang sikep gegamaning perang kang padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Dawud ana ing Hebron, prelu ngunjukake kalenggahan ing ratu Sang Prabu Saul marang Sang Prabu Dawud, cocog karo pangandikane Pangeran Yehuwah.
Saben wong kang ngalami karubedan, wong dioyak-oyak ing utang, sadhengah wong kang lara atine, iku uga padha ngempal karo panjenengane. Sang Dawud dadi tetindhihe wong watara patang atus.