4 Nalika wong wadon Tekoa marak Sang Prabu, lan banjur sumungkem raine konjem ing bumi, nyembah sarta matur: “Dhuh, Gusti kawula Sang Prabu, kawula nyuwun tulung.”
ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.
Senapati Yoab banjur sujud, pasuryane konjem ing bumi lan nyembah klawan nyuwun berkah kagem Sang Prabu. Lan unjuke: “Ing dinten punika abdi dalem nyumerepi, bilih gusti kawula Sang Prabu karenan dhateng kawula, amargi gusti kawula sampun nyembadani panyuwunipun abdi dalem.”
Ahimaas banjur nguwuh-uwuh, unjuke marang Sang Prabu: “Sugeng!” Banjur sujud nyembah marang Sang Prabu, raine konjem ing bumi sarta munjuk: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allah dalem ingkang sampun masrahaken para tiyang ingkang sami ngagagaken tanganipun dhumateng gusti kawula Sang Prabu.”
Abdi iku banjur mulih, Sang Dawud banjur medal saka ing sisihe gumuk parang, nuli sujud konjem ing bumi lan nyembah ambal kaping telu. Karone padha aras-ingaras lan padha muwun. Wasana Sang Dawud bisa ngiyat-ngiyatake sarirane.