Sawuse iku Pangeran Amnon sarean lan api-api gerah. Nalika Sang Prabu Dawud rawuh tetuwi, Pangeran Amnon munjuk marang Sang Prabu: “Rayi kawula Tamar mugi kaparengna dhateng ngolahaken kuwih-kuwih satunggal kalih wonten ing ngajeng kawula, supados kawula tedha saking tanganipun.”
Sang Putri Tamar banjur tindak menyang ing daleme Pangeran Amnon, kang raka kang lagi sarean. Sang Putri Tamar banjur mundhut jladren diulet lan diolah kagawe panganan, ana ing ngarsane Pangeran Amnon, nuli kapanggang.
Sang Prabu Dawud yasa gedhong-gedhong kagem panjenengane piyambak ana ing kuthane Sang Prabu Dawud; sawuse mangkono banjur cecawis panggonan kanggo pethining Allah lan kadamelake tarub.