Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 13:5 - Kitab Sutji

5 Ature sang Yonadab: “Panjenengan dalem kawula aturi sare wonten ing pasarean lan api-api gerah. Samangsa kang rama rawuh tetuwi, panjenengan matur makaten: Rayi kula Tamar mugi keparengna ngladosi tetedhan dhateng kawula. Anggenipun ngolahaken tetedhan punika wontena ing ngajeng kawula, temah kawula saged nungkuli, sarta kawula sageda nedha saking tanganipun.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 13:5
8 Iomraidhean Croise  

Ature marang Pangeran Amnon: “Dhuh Sang Rajaputra, kenging punapa dene panjenengan dalem saben enjing kok ketingal suntrut makaten? Punapa boten langkung prayogi panjenengan dalem paring sumerep dhateng kawula?” Pangandikane Pangeran Amnon marang Sang Yonadab: “Kula remen dhateng Tamar, rayinipun adhimas Absalom, sadherek kula.”


Sawuse iku Pangeran Amnon sarean lan api-api gerah. Nalika Sang Prabu Dawud rawuh tetuwi, Pangeran Amnon munjuk marang Sang Prabu: “Rayi kawula Tamar mugi kaparengna dhateng ngolahaken kuwih-kuwih satunggal kalih wonten ing ngajeng kawula, supados kawula tedha saking tanganipun.”


Akhitofel banjur ngaturi wangsulan: “Panjenengan dalem kawula aturi mrepeki para garwanipun ampeyan ingkang rama, ingkang katilar nengga kraton. Manawi kapireng dening sakathahipun tiyang Israel, bilih panjenengan dalem sampun damel sarira dalem sinengitan dening rama dalem, temah sadaya tiyang ingkang ndherek panjenengan dalem, badhe sami kasantosakaken manahipun.”


He anakku, aja ngrungokake pamerdi maneh, manawa kowe jebul iya nyimpang saka ing pitutur kang aweh kawruh.


Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan