Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 13:4 - Kitab Sutji

4 Ature marang Pangeran Amnon: “Dhuh Sang Rajaputra, kenging punapa dene panjenengan dalem saben enjing kok ketingal suntrut makaten? Punapa boten langkung prayogi panjenengan dalem paring sumerep dhateng kawula?” Pangandikane Pangeran Amnon marang Sang Yonadab: “Kula remen dhateng Tamar, rayinipun adhimas Absalom, sadherek kula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 13:4
11 Iomraidhean Croise  

Pangeran Amnon kagungan mitra, asmane Yonadab, putrane Sang Simea, kang raka Sang Prabu Dawud. Sang Yonadab iku wong kang pinter banget.


Ature sang Yonadab: “Panjenengan dalem kawula aturi sare wonten ing pasarean lan api-api gerah. Samangsa kang rama rawuh tetuwi, panjenengan matur makaten: Rayi kula Tamar mugi keparengna ngladosi tetedhan dhateng kawula. Anggenipun ngolahaken tetedhan punika wontena ing ngajeng kawula, temah kawula saged nungkuli, sarta kawula sageda nedha saking tanganipun.”


Sang Putri Izebel, kang garwa tumuli marak marang ing ngarsane sarta matur marang panjenengane: “Punapa sababipun dene panjenengan dalem rengu, satemah lajeng boten karsa dhahar?”


Sang Putri Izebel, kang garwa, matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem rak ingkang sapunika ngasta pangwaosing karajan wonten ing Israel? Sumangga, kawula aturi wungu, sarta dhahar punapa dene dipun eca ing panggalih! Kawula ingkang badhe ngunjukaken dhumateng panjenengan dalem kebon angguripun Nabot tiyang Yizreel punika.”


Pasemoning raine mratelakake pialane lan kayadene wong Sodom, padha ngeblakake dosane, ora didhelikake maneh. Bilai wong-wong iku! Amarga padha gawe cilakane awake dhewe.


Pancene kudu rumangsa wirang, amarga padha nglakoni kanisthan, nanging padha ora rumangsa wirang babar pisan lan ora ngrumangsani cacade. Mulane bakal padha tiba ana ing satengahe wong kang padha ambruk, bakal padha kejengklok, samangsa padha tampa paukuman, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Kawirangane sadulurira wadon, anake bapakira utawa anake biyungira aja sira ungkabi, dadia kang laire tunggal saomah utawa ana ing liya panggonan.


Manawa ana wong lanang kang ngrabeni sadulure wadon, anake bapakne utawa biyunge, dadi kang lanang weruh kawirangane kang wadon, lan kang wadon weuh kawirangane kang lanang, iku pratingkah rusuh lan nistha, wonge padha katumpesa ana ing ngarepe bangsane, awitdene wus ngungkabi kawirangane sadulure wadon.


Tangane padha agahan nindakake piala, panggedhe memundhut lan hakim ngarah besel; para panggedhe padha damel putusan sakarsa-karsane, lan angger-angger padha dienggak-enggokake.


Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan