Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 13:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Amnon kagungan mitra, asmane Yonadab, putrane Sang Simea, kang raka Sang Prabu Dawud. Sang Yonadab iku wong kang pinter banget.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 13:3
21 Iomraidhean Croise  

Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”


Kacarita nalika samana Yehuda lunga ninggal para sadulure lan mondhok ing omahe wong Adulam, jenenge Hira.


Yehuda tumuli ngirimake cempene lumantar mitrane wong Adulam, kagawe nebus barang cekelan saka tangane wong wadon mau, nanging ora ketemu.


Galihe Pangeran Amnon wuyung banget, temah nandhang gerah marga saka Sang Putri Tamar, sadhereke iku, amarga Sang Putri iku isih kenya lan miturut pangrasane Pangeran Amnon, langka bisane nandukake apa-apa marang panjenengane.


Nanging Sang Yonadab, bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud, tumuli matur: “Gusti sampun nginten bilih para mudha para putra dalem sadaya sami kasedanan. Namung Pangeran Amnon ingkang seda, amargi prakawis punika sampun katawis wonten ing pasuryanipun Pangeran Absalom, wiwit nalika Pangeran Amnon masesa Sang Putri Tamar, rayinipun.


Ature marang Pangeran Amnon: “Dhuh Sang Rajaputra, kenging punapa dene panjenengan dalem saben enjing kok ketingal suntrut makaten? Punapa boten langkung prayogi panjenengan dalem paring sumerep dhateng kawula?” Pangandikane Pangeran Amnon marang Sang Yonadab: “Kula remen dhateng Tamar, rayinipun adhimas Absalom, sadherek kula.”


banjur utusan abdi menyang Tekoa marani wong wadon kang limpad ing budi, nuli ngandika marang wong wadon iku: “Bok kowe api-api kaya wong nandhang prihatin lan manganggoa sandhangan wong kepaten, aja jebadan lan polatanmu membaa wong wadon kang wis pirang-pirang dina nangisi wong mati.


Wong iku nyampahi bangsa Israel; iku nuli dipateni dening Yonatan bin Simea, kang raka Sang Prabu Dawud.


Rama Isai peputra Eliab, iku pambajenge, banjur Aminadab, panggulune, Simea, kang angka telu,


Sang Yonatan, sadhereke kang ramane Sang Prabu Dawud, iku dadi juru pirembag, iku pinter lan ahli kitab. Sang Yehiel, bin Hakhmoni iku dadi pamomonge para putrane Sang Prabu.


Nanging Sang Haman ngampet dukane mau, sarta sawuse kondur ing daleme, tumuli utusan nglumpukake para mitra lan Zeresy garwane.


Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.


Sang Haman tumuli cariyos marang Zeresy kang garwa lan marang para mitrane apa kang mentas kelakon. Para mitrane kang wasis wicaksana sarta kang garwa Zeresy, padha matur mangkene: “Manawi Mordekhai punika panunggilanipun bangsa Yahudi, mangka panjenengan sampun dhawah wonten ing ngajengipun, mesthi panjenengan boten kuwawi nglawan piyambakipun, malah badhe dhawah babar pisan wonten ing ngajengipun.”


Akeh wong kang nyanak marang wong kang luber atine, lan saben wong kepengin dadi mitrane wong kang dhemen weweh.


“UmatingSun iku nyata-nyata bodho, padha ora wanuh marang Ingsun. Bocah-bocah kang goblog, lan ora ngreti apa-apa, pintere yen nindakake piala, nanging panggawe becik ora dimangreteni.”


Awit kawicaksanane jagad iki kabodhoan tumrap Gusti Allah. Sabab ana tulisan wiraose: “Panjenengane nangkep para wicaksana sajroning culikane.”


Iku dudu kawicaksanan kang tumurun saka ing ngaluhur, nanging saka ing donya, saka ing hawa-nepsuning manungsa, saka setan-setan.


Dene garwane Sang Simson iku digathukake karo kancane, tilas pengiringe.


Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?” Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.” Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul mangan, sadurunge iku teka mrene.”


Isai banjur ngundang Syama, nanging Nabi Samuel ngandika: “Wong iki uga ora dipilih dening Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan