Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 13:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse iku ana lelakon kaya ing ngisor iki: Pangeran Absalom, putrane Sang Prabu Dawud kagungan rayi putri kang ayu warnane, asmane Tamar: lan Sang Amnon putrane Sang Prabu Dawud kasmaran marang putri iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 13:1
15 Iomraidhean Croise  

Dadi kang ditresnani Yakub iku Rakhel, mulane ature: “Kula purun ngenger panjenengan pitung taun dangunipun, supados angsal Rakhel putra panjenengan ingkang nem.”


Yakub anggone ngengeri Rakhel iku lawase pitung taun. Nanging samono mau dirasa kaya-kaya mung sawatara dina bae, marga saka tresnane marang Rakhel.


Nanging Sang Sikhem banget kayungyune marang Dina, anake Yakub; sarta kasmaran banget marang bocah wadon mau, mulane tansah dibujuk sarana tembung manis.


para putraning Allah bareng weruh anake wadon para manungsa iku padha ayu-ayu, temah padha ngalap somah marang iku, milih endi kang disenengi.


Nuju ing sawiji dina ing wayah sore, nalika Sang Prabu wungu saka pasareane, banjur ameng-ameng ana ing payoning kadhaton; saka ing kono katon ana wong wadon lagi adus; wong wadon iku ayu banget warnane.


Wasana Pangeran Amnon katuwuhan rasa sengit kang luwih banget marang Sang Putri, malah rasane sengit ngluwihi rasane remen marang kang rayi ing sadurunge. Pangeran Amnon ngandika marang Sang Putri: “Ngadega lan lungaa!”


Galihe Pangeran Amnon wuyung banget, temah nandhang gerah marga saka Sang Putri Tamar, sadhereke iku, amarga Sang Putri iku isih kenya lan miturut pangrasane Pangeran Amnon, langka bisane nandukake apa-apa marang panjenengane.


Pangeran Absalom kagungan putra kakung telu lan putri siji, kang asma Tamar, sawijining putri kang ayu rupane.


Anadene Sang Prabu Suleman iku remen mundhut garwa putri ngamanca akeh. Kajaba putri putrane Sang Prabu Pringon, uga putri Moab, Amon, Edom, Sidon lah Het,


putra kang angka telu Pangeran Absalom, kang ibu asma Maakha, putri putrane Sang Prabu Talmai, ratu ing Gesur; putra kang angka papat Pangeran Adhonia, kang ibu asma Hagit;


Iku kabeh padha turune Sang Prabu Dawud, iku durung kapetung para putra kang saka garwa ampil. Sang putri Tamar iku sadhereke estri.


Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna, nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.


Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu, aja nganti ketarik dening idepe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan