Tiyang miskin punika boten gadhah punapa-punapa kejawi namung cempe estri alit satunggal, anggenipun tumbas lan dipun ingah. Cempe wau dados ageng sareng kaliyan anak-anakipun, nedha saking pulukanipun, ngombe saking tuwungipun lan tilemipun dipun keloni, prasasat anakipun estri kemawon.
amarga Sang Prabu Dawud wus nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah apadene ora nyimpang saka ing sakehe dhawuhe marang panjenengane ing sajege sugenge, kajaba mung tumrap prakara Uria, wong Het.
Iki para putrane kang miyos ana ing Yerusalem: Pangeran Simea, Pangeran Sobab, Pangeran Natan lan Pangeran Suleman, putra papat iku miyos saka Sang Putri Batsyua binti Amiel,