Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 10:3 - Kitab Sutji

3 para panggedhene bani Amon munjuk marang Sang Prabu Hanun, gustine: “Miturut panggalih dalem Prabu Dawud punika punapa badhe ngurmati kang rama, dene ngantos utusan abdi-abdinipun ingkang ngaturaken belasungkawa punika? Punapa boten kagungan karsa badhe niti-priksa kitha punika sarta nelik badhe nglebur kitha, pramila Prabu Dawud lajeng utusan para punggawanipun dhateng ngarsa dalem?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 10:3
6 Iomraidhean Croise  

Salah siji panunggalanmu konen marani adhimu, dene liyane kari ana ing kene, ditahan; temah tembungmu bakal ketitik, apa kowe pancen temen; dene manawa ora, demi sugenge Sang Prabu Pringon, mesthi kowe iku padha dadi telik.”


Sang Yusuf tumuli kengetan marang supenane ing bab para sadhereke. Bajur ngandika maneh: “Kowe iku mesthi telik, tekamu mrene arep nitik-nitik ngendi panggonan kang ora dijaga.”


Panjenengan dalem punapa boten uninga wewatekanipun Abner bin Ner punika? Dhatengipun rak badhe ngloropaken panjenengan dalem lan supados mangretos gelat-gelit dalem saha badhe nyumerepi sadaya, ingkang badhe panjenengan dalem tindakaken.”


para panggedhene bani Amon padha munjuk marang Sang Prabu Hanun: “Punapa miturut panggalih dalem Sang Prabu Dawud badhe nyaosi pakurmatan dhateng rama dalem, anggenipun ngintunaken para utusan sowan ing ngarsa dalem prelu ngaturaken bela-sungkawa punika? Punapa boten kanthi sedya badhe niti-priksa, nelik saha lajeng badhe nyirnakaken nagari punika, anggenipun para punggawanipun sami sowan ing ngarsa dalem punika?”


Katresnan iku ora saru polahe lan ora golek kepenake awake dhewe. Katresnan iku ora gampang nepsu lan ora nyimpen kaluputaning liyan.


Katresnan iku nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan