II SAMUEL 1:6 - Kitab Sutji6 Atur wangsulane kang nggawa pawarta mau: “Kapinujon kawula wonten ing pareden Gilboa; saking ngriku katingal Sang Prabu Saul lendhehan ing waosipun, mangka dipun oyak kreta-kreta tuwin bala kapalan. Faic an caibideil |
Nunten sami migatosna: manawi pethi punika medal margi ingkang ngener dhateng ing dhaerahipun, dhateng ing Bet-Semes, punika ateges bilih Panjenenganipun ingkang sampun ndhatengaken kasangsaran ingkang nggegirisi punika dhateng kita. Dene manawi boten makaten, kita lajeng mangretos, bilih sanes astanipun ingkang nempuh kita; namung kapinujon kemawon bab wau tumanduk dhateng kita!”