Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 1:2 - Kitab Sutji

2 ing dina katelune ana wong panunggalane balane Sang Prabu Saul, panganggone rowak-rawek, lan sirahe kawur-wuran lemah. Bareng tekan ing ngarsane Sang Senapati Dawud, sujud konjem ing bumi sarta nyembah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 1:2
25 Iomraidhean Croise  

Bareng telung dinane Rama Abraham tumenga lan mirsa panggonane saka kadohan;


Bareng Ruben mbaleni sumur mau, tetela Yusuf wus ora ana ing jero sumur, tumuli nyuwek-nyuwek panganggone.


Rama Yakub banjur nyuwek-nyuwek jubahe, sarta ngagem bagor diubedake ing bangkekane apadene gawe patangisan nganti pirang-pirang dina, marga saka putrane mau.


Ature para sadhereke: “Abdi dalem bapa kawula wilujeng, taksih gesang.” Banjur padha jengkeng lan tumungkul.


Sang Dawud ndangu wong mau: “Saka ngendi tekamu?” Atur wangsulane wong mau: “Kawula keplajeng saking pabarisanipun Israel.”


Sang Putri Tamar banjur nguwur-uwuri awu ing mastakane, nyuwek rasukane alengen dawa kang endah iku, nyunggi astane lan tindak muwun klawan swara dumeling.


Nalika wong wadon Tekoa marak Sang Prabu, lan banjur sumungkem raine konjem ing bumi, nyembah sarta matur: “Dhuh, Gusti kawula Sang Prabu, kawula nyuwun tulung.”


Bareng Sang Prabu wus rawuh ing pucak, ing panggonane wong padha nyembah sujud marang Gusti Allah, Husai, wong ing Arki, teka methukake Sang Prabu, nganggo jubah rowak-rawek lan sirahe kawur-wuran lemah.


Nalika Arauna ndengengek lan ndeleng Sang Prabu rawuh kadherekake para abdine, Arauna banjur methukake sarta sumungkem marang Sang Prabu klawan raine konjem ing bumi.


Nalika ana wong kang nggawa pawarta mangkene: Sang Prabu Saul sampun seda! lan nganggep dheweke kayadene wong kang nglantarake kabar becik, ingsun banjur nyepeng lan mateni wong iku ana ing Ziklag, lan kaya mangkono anggoningsun paring pituwas tumrap pawartane,


“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”


Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.


Munjuka marang Gusti Allah: “Saiba anggenipun nggegirisi sadaya pakaryan Paduka punika; amargi saking agunging panguwaos Paduka, mengsah Paduka temah sami teluk, ngempek-empek dhumateng Paduka.


Pangadhuh seru, panjerit ngaru-ara keprungu ing sira; padha nguwur-uwuri awu sirahe, padha gulung ana ing lebu.


Sawuse rong dina kita bakal diuripake maneh, ing dina katelune ditangekake, dadi kita bakal urip ana ing ngarsane.


Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.


Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.


Wiwit nalika iku Gusti Yesus wiwit paring pitedah marang para sakabate, yen Panjenengane kudu tindak menyang Yerusalem, lan bakal nandhang kasangsaran pirang-pirang marga saka panggawene para pinituwa, para pangareping imam lan para ahli Toret sarta banjur disedani, lan ing telung dinane kawungokake.


Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.


Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.


Abdi iku banjur mulih, Sang Dawud banjur medal saka ing sisihe gumuk parang, nuli sujud konjem ing bumi lan nyembah ambal kaping telu. Karone padha aras-ingaras lan padha muwun. Wasana Sang Dawud bisa ngiyat-ngiyatake sarirane.


Nalika Abigail ndeleng Sang Dawud, age-age mudhun saka ing kuldine, banjur sujud nyembah ana ing ngarsane Sang Dawud, nganti konjem ing bumi.


Ana sawijining wong saka taler Benyamin kang keplayu saka ing paprangan lan ing dina iku uga tekan ing Silo kalawan nganggo sandhangan rowak-rawek sarta sirahe kawur-wuran lemah.


Ature wong mau marang Imam Eli: “Kula keplajeng saking ing satengahing peperangan, saweg ing dinten punika kula mlajeng saking peperangan.” Pandangune Imam Eli: “Kapriye kaanane, ngger?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan