Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II SAMUEL 1:10 - Kitab Sutji

10 Kawula nyelaki Sang Prabu lajeng kawula sedani, amargi kawula mangretos, bilih panjenenganipun temtu boten lestantun gesang, sasampunipun dhawah. Jamanging mustakanipun saha kelat baunipun sami kawula pendhet lan punika sadaya kawula aturaken wonten ing ngarsanipun gusti kawula.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II SAMUEL 1:10
10 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Dawud ngandika marang wong iku: “Getihmu nempuhna marang awakmu dhewe, amarga cangkemmu dhewe nekseni nglawan awakmu dhewe, amarga kandha: Kawula ingkang nyedani ingkang jinebadan ing Sang Yehuwah.”


Lajeng pangandikanipun dhateng kawula: Mara mrenea, aku patenana, amarga aku krasa kejeng, nanging nyawaku isih.


Panjenengane mundhut makuthaning ratune bobote satalenta mas, tinatah mawa sesotya kang larang regane, nuli diagem ing mastakane. Akeh barang jarahan kang diusungi saka ing kutha iku.


Sawuse mangkono Imam Yoyadha tumuli ngajak miyos Sang Raja-Putra, kang banjur diagemi makutha lan diaturi ngasta Kitab Toret. Sang Raja-Putra kajumenengake ratu sarta jinebadan, kalawan keplok-keplok wong-wong tumuli padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu!”


Makutha sampun dhawuh saking sirah kawula, adhuh memelas; amargi kawula sampun sami damel dosa.


Amarga wewaton kang kokanggo ngukumi ala-beciking wong, yaiku kang bakal dianggo ngukumi ala-becikmu. Sarta takeran kang kokanggo nenaker, yaiku kang bakal dianggo naker kowe.


Pangandikane Sang Prabu Adhoni-Bezek: “Suwaunipun wonten ratu pitung dasa sami ndlosor wonten ing sangandhaping meja kula, ngukupi sisaning tedha, sadaya sami kaprotholan jempolaning tangan lan sukunipun; kadosdene ingkang sampun kula tindakaken, inggih makaten pamalesipun Gusti Allah dhateng kula.” Prabu Adhoni-Bezek mau tumuli digawa menyang ing Yerusalem lan seda ana ing kono.


Sang Abimelekh tumuli nimbali abdi kang ngampil gegamane, iku didhawuhi: “Pedhangmu unusen, aku patenana, supaya aku aja nganti dikandhak-kandhakake: Wong wadon kang mateni.” Banjur disuduk dening abdine dadi lan sedane.


Sang Prabu nuli ngandika marang Doeg: “Kowe majua banjur nempuha marang para imam iku!” Doeg, wong Edom iku, banjur maju lan nempuh marang para imam iku. Ing dina iku Doeg mateni wong wolung puluh lima, kang padha aklambi efod lena.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan