Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




III YOKANAN 1:7 - Kitab Sutji

7 Awit anggone padha lelungan iku marga saka Kang Asma ora nganggo nampani apa-apa saka wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




III YOKANAN 1:7
17 Iomraidhean Croise  

Nanging iku kabeh bakal katandukake marang kowe marga saka Aku, awit padha ora wanuh marang Panjenengane kang ngutus Aku.


Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.


Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


Para rasul padha mundur saka ing ngarsane Pradata Agama kalawan bungah, jalaran wus padha kaanggep pantes nandhang kawirangan marga saka Asma Yesus.


Wong-wong kang buyar mau padha ndlajahi ing satanah kabeh karo ngabarake Injil.


Ingsun Piyambak bakal nuduhake marang dheweke, sapira kehing kasangsaran, kang bakal kasandhang awit saka asmaningSun.”


Yen mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakake wewenangku anggonku dadi juru ngundhangake Injil.


Sabab kakuranganmu apa yen katandhing karo pasamuwan-pasamuwan liyane kajaba mung saprakara, yaiku manawa aku dhewe ora nganti dadi gawemu? Anggonku ora adil iki apuranen!


Awit kang dakwartakake iku dudu awakku dhewe, nanging Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu marga saka karsane Gusti Yesus.


Iya iku sababe Gusti Allah banget anggone banjur ngluhurake Panjenengane lan maringi asma marang Panjenengane ngungkuli sadhengahing jeneng,


Saiki aku bungah dene aku ketaman sangsara kang marga saka kowe, lan aku kang ngganepi ana ing dagingku kakuranganing sangsarane Gusti Kristus tumrap ing sarirane, yaiku pasamuwan.


Kang iku kita iki padha kawajiban nampani wong-wong kang kaya mangkono iku, supaya kita padha dadia rewang ing gawe kang lumadi marang ing kayekten.


Apa maneh sira tetep sabar sarta nandhang sangsara marga saka AsmaningSun; lan sira ora tau ngrasa sayah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan