Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




III YOKANAN 1:6 - Kitab Sutji

6 Wong-wong iku ana ing ngarepe pasamuwan wus padha nekseni ing bab katresnanmu. Becik temenan panggawemu marang wong iku, manawa padha koktulungi lakune, kanthi patrap kang ndadekake keparenge Gusti Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




III YOKANAN 1:6
15 Iomraidhean Croise  

Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake.”


Nanging pangandikane Sang Yehuwah: “Anggonira nepsu iku apa wus sabenere?”


Sami nyirika sesajening brahala, rah saha daging kewan tetakan, punapadene lampah jina. Punika sadaya manawi sami panjenengan singkiri, panjenengan sampun tumindak sae. Namung samanten, mugi sami ginanjar wilujeng.”


Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.


Nanging bareng wis kliwat wektune, aku banjur padha mangkat mbanjurake lakuku. Para siswa saanak bojone padha nguntapake aku nganti tekan ing jaban kutha; ana ing gisik aku padha jengkeng ndedonga.


mulane dakarah sajrone lakuku menyang ing tanah Spanyol, bisaa mampir menyang ing padununganmu, lan ketemu karo kowe, temah kowe banjur padha bisa ngeterake aku mrana, sawise aku ing sawatara ngrasakake seneng marga bisa ketemu karo kowe kabeh.


Banjur arep nerusake lakuku menyang ing tanah Makedhonia, saka ing tanah Makedhonia bali maneh menyang nggonmu, lan kalawan pitulunganmu aku bisa nerusake lakuku menyang ing tanah Yudea.


Nanging iya prayoga tumindakmu, dene kowe wus padha melu ing karibedanku.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


sarta anggonku padha ngudi kalawan banget-banget, supaya kowe kabeh padha urip laras karo karsane Gusti Allah, kang nimbali kowe marang Kratone lan kamulyane.


Zenas ahli Toret kae lan Apolos padha tulungana lakune kang gumati, supaya aja nganti kekurangan sawiji apa.


Sabab, manawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.


Dhemetrius wus disekseni becik dening wong kabeh, malah kaseksenan dening kayekten dhewe. Lan maneh aku kabeh iya padha aweh paseksen becik tumrap dheweke, lan kowe weruh, yen paseksenku iku nyata.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan