Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




III YOKANAN 1:5 - Kitab Sutji

5 He, sadulurku kang kekasih, kowe tumindak ngetrepi anggonmu dadi wong pracaya, samangsa kowe nindakake samubarang tumrap para sadulur, sanadyan iku padha wong liya bangsa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




III YOKANAN 1:5
13 Iomraidhean Croise  

“Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?


Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.


Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?


Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:


Padha mitulungana ing kekuranganing para suci, sarta padha merlokna aweh pamondhokan!


Awit saka iku, mumpung kita kober, ayo padha gawe becik marang wong kabeh, luwih-luwih marang sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya.


Lan sadhengah apa kang koktindakake kalawan tembung utawa kalawan panggawe, iku kabeh lakonana atas asmane Gusti Yesus, kambia saos sokur marang Gusti Allah, Rama kita lumantar Panjenengane.


Kowe aja padha lali aweh pamondhokan marang wong, jalaran saka mangkono iku ana sawenehing wong sing padha ora sumurup manawa wus ngaturi pasugatan marang para malaekat.


Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.


Awit aku bungah banget nalika ana sadulur sawatara teka, nekseni ing bab anggonmu duwe laku manut ing kayekten, sabab lakumu pancen manut ing kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan