Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




III YOKANAN 1:4 - Kitab Sutji

4 Tumrape aku ora ana kabungahan kang gedhene ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayekten.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




III YOKANAN 1:4
18 Iomraidhean Croise  

lan supaya Pangeran Yehuwah karsaa netepi janji kang kapangandikakake tumrap aku, yaiku: Manawa anak-anakira lanang lakune lestari ana ing ngarsaningSun kalawan setya, kalawan gumolonging ati sarta kalawan gumolonging nyawane, turun-turunira ora bakal ana pedhote anggone nglungguhi dhamparing karajan Israel.


Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun ngatingalaken sih-kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun nglestantunaken sih-kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama, Paduka paringi anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang kalampahan ing dinten punika.


“Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapadene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” Sang Prabu Hizkia tumuli muwun kang banget kae.


Bapakne wong kang bener iku bakal giyak-giyak, sarta sapa kang nglairake wong wicaksana iku bakal abungah-bungah.


unjuke: “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti anggen kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya tuwin tulusing manah sarta anggen kawula sampun nindakaken punapa ingkang sae tumrap ing paningal Paduka.” Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia banjur muwun kepati-pati.


Lah aku lan anak-anak kang wus kaparingake dening Sang Yehuwah marang aku iku padha dadi pratandha lan ngalamat ana ing satengahe wong Israel kang saka Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah kang akedhaton ana ing gunung Sion.


Mulane saiki, supaya padha-padha, – anggonku pitutur iku kaya marang anak-anakku –: Atimu wengakna kang ngeblak!


Nanging bareng aku ngreti tumindake iku ora cocog karo kayektene Injil, aku pitutur marang Kefas ana ing sangarepe wong kabeh: “Manawi panjenengan, tiyang Yahudi, gesang kadosdene tiyang ingkang boten tepang kaliyan Gusti Allah tuwin boten kados tiyang Yahudi, kadospundi dene panjenengan kok badhe meksa sadherek-sadherek ingkang boten tetak supados gesang kados tiyang Yahudi?”


He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.


Kowe padha sumurup, kapriye anggonku padha mituturi marang kowe nyantosakake atimu dhewe-dhewe kayadene bapa marang anak-anake,


marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.


marang Timoteus, anakku kang kinasih: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, nunggila ing kowe.


duwe panjaluk marang kowe, bab anakku kang daktemu sajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus,


He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.


Banget bungahing atiku dene aku nyumurupi, manawa saparoning anak-anakmu padha urip ana ing sajroning kayekten, cocog karo pepakon kang wus kita tampani saka Sang Rama.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan