Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




III YOKANAN 1:14 - Kitab Sutji

14 Pangarep-arepku enggal bakal nemoni kowe, lan padha rerasanan adu arep.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




III YOKANAN 1:14
10 Iomraidhean Croise  

Wangsulane abdi mau: “Kula aturi nyakecakaken kemawon, sampun ajrih! Gusti Allah panjenengan saha Gusti Allahipun ingkang rama ingkang ngangsalaken bandha ingkang kapendhem ing bagor panjenengan; arta panjenengan sampun kula tampeni.” Sawuse mangkono Simeon banjur diwetokake sarta digawa mrono ketemu karo para sadulure.


Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!


Iku kang diwengani dening kang tunggu lawang sarta wedhus-wedhuse padha nilingake swarane lan dheweke tumuli ngundangi wedhus-wedhuse manut jenenge dhewe-dhewe sarta banjur digiring metu.


Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”


Karepku yaiku: Lakumu padha manuta marang Roh, lan aja nuruti kapencuting daging.


Tentrem-rahayu lan katresnan kang kanthi pracaya saka Gusti Allah Sang Rama lan saka Gusti kita Yesus Kristus anaa ing para sadulur kabeh.


Padha sesalamana nganggo pangambunging katresnan. Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh kang padha ana ing patunggilane Sang Kristus. Amin.


Sanadyan akeh kang prelu daktulis ing layang marang kowe iki, mung bae karepku aja lantaran dluwang lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal nekani kowe, banjur rerasanan adu arep karo kowe kabeh, supaya bungah kita bisa katog.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan