Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




III YOKANAN 1:11 - Kitab Sutji

11 He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala, nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




III YOKANAN 1:11
22 Iomraidhean Croise  

Ilatmu pekaken aja nganti medharake tembung ala sarta lambemu aja ngucapake kang cidra;


Ngedohana marang piala sarta nglakonana kabecikan, temah pamanggonmu lestari ing salawas-lawase;


Sira aja melu-melu wong akeh nglakoni piala, lan anggonira nglairake paseksi tumrap sawijining prakara aja ngiloni wong akeh murih dhoyonging pangadilan.


Wong kang nggarap lemahe bakal wareg rejeki, nanging kang mburu barang muspra iku tanpa budi.


Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku,


Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.


Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku.


Padha nulada marang aku, dikaya aku iya nulad Sang Kristus.


Mulane kowe padha dakpituturi: Padha nuladaa marang aku!


Awit saka iku padha nulada marang Gusti Allah, dikaya putra-putra kang kekasih


Para sadulur, padha nulada marang aku lan ngiloa marang wong kang lakune padha kaya aku kabeh, kang padha dadi tetuladhanmu.


Lan kowe wis padha dadi panganutku kabeh sarta panganute Gusti; sajrone nandhang sangsara kang abot anggonmu padha nampani pangandika kalawan kabungahan kang saka ing Sang Roh Suci,


Sabab kowe, para sadulur, wis padha ngleluri pasamuwan-pasamuwaning Allah ing tanah Yudea, kang ana ing patunggilane Gusti Kristus Yesus, awitdene kowe uga wus padha nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong kang tunggal bangsa karo kowe, padha kaya pasamuwan ing kono marga saka panggawene wong-wong Yahudi.


Nanging kowe wis ngandhemi piwulangku, caraku urip, panemu-panemuku, pracayaku, kasabaranku, katresnanku lan tumemenku.


supaya kowe aja padha sungkanan, nanging padha nulada marang wong kang awit saka pracaya lan sabar mantep padha oleh panduman apa kang wus kaprasetyakake dening Gusti Allah.


Wong iku nyingkirana piala sarta nglakonana kabecikan; wong iku kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa kagayuh.


Sarta sapa ta kang bakal nandukake piala marang kowe, manawa kowe sregep gawe becik?


Manawa kowe padha sumurup yen Panjenengane iku sampurna, iya ngawruhana yen saben wong kang nglakoni ing kasampurnan, iku laire saka ing Panjenengane.


Iki titikane para putraning Allah lan para anake Iblis; sok wonga kang ora nindakake kayekten iku asale ora saka ing Allah, mangkono uga kang ora tresna marang sadulure.


Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan