III YOKANAN 1:10 - Kitab Sutji10 Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan. Faic an caibideil |
Ngrungokna pangandikaning Sang Yehuwah, kowe kang padha gumeter marga saka pangandikane! Para sadulurira, kang padha sengit marang sira, kang padha nyebratake sira, awit sira padha ngajeni asmaningSun, iku wus padha celathu: “Pangeran Yehuwah kareben ngatingalake kamulyane, supaya aku padha nyumurupi kabungahanmu!” Nanging wong iku dhewe kang padha kawirangan.