Kaanan ing sakutha kabeh banjur dadi kisruh, wong-wong kabeh padha gumrudug menyang ing gedhong-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, iku padha wong Makedhonia, kang padha lelungan bebarengan karo Rasul Paulus.
Tindake didherekake dening Sopater anake Pirus, wong ing kutha Berea, Aristarkhus lan Sekundus, karone wong ing kutha Tesalonika, Gayus saka ing kutha Derbe, Timoteus lan wong loro saka ing tanah Asia, yaiku Tikhikus lan Trofimus.
Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita. (
Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, – amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus, kang iya bakal oleh panduman kamulyan kang besuk bakal kawedharake –:
He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.