Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 9:4 - Kitab Sutji

4 Ing kono ana misbyahe padupan emas sarta pethi prasetyan kang kalapis emas bleg; ing jerone ana gucine emas isi manna sarta lantarane Imam Agung Harun kang wus tau semi sarta watu blebekan prasetyan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 9:4
26 Iomraidhean Croise  

Bokor-bokore, lading-ladinge lan bokor-bokore panyiraman, piring-piringe lan padupan-padupane, iku kang kagawe emas murni, esel-esele lawang kamar njero, yaiku papan sucining-asuci lan esel-esele lawang kamar gedhe ing Padaleman Suci, uga emas.


sarta nyadhiyakake papan ana ing kana kanggo pethine, kang ngemot prajanjian kang wus kaanakake dening Sang Yehuwah kalawan leluhur kita, nalika padha kairid dening Panjenengane metu saka ing tanah Mesir.”


Ing sajroning pethi iku ora ana apa-apane kajaba mung watu blabagan loro kang didekek ing jero kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, yaiku watu blabagan kang katulisan prajanjian kang dianakake dening Sang Yehuwah kalawan wong Israel nalika padha metu saka ing tanah Mesir.


Ing sajrone pethi kono ora ana apa-apane kejaba mung papan loro kang dilebokake ing kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, nalika Pangeran Yehuwah damel prajanjian karo wong Israel, ing sajrone padha lelaku sawuse metu saka ing tanah Mesir.


Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.


Sawuse Pangeran Yehuwah mungkasi pangandikane marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai, banjur maringi papan angger-angger loro, papan watu kang diserati dening racikaning Allah.


Nabi Musa tumuli mundur, mandhap saka ing gunung karo ngasta papan angger-angger loro, papan kang padha kaseratan sisih loro pisan, ing ngarep lan ing buri.


Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, – papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau – panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.


Bezaleel iya gawe misbyah padupan, kayu sittah kang digawe, dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi, nanging dhuwure rong asta, sungu-sungune iras-irasan karo misbyahe.


pethi angger-anggere Gusti Allah dalah pikulane lan tutup pangruwatan,


Pethine angger-angger banjur sira prenahna ana ing kono, sarta sira aling-alingana geber.


banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tekene Harun iku sira balekna maneh menyang ing ngarepe pethi angger-angger, kasimpena minangka pratandha kanggo para wong kang duraka, temah panggrundele wus sira ilangi lan ora Sunpireng maneh, supaya aja padha mati.”


Wong kang Sunpilih iku tekene bakal semi; kaya mangkono anggoningSun bakal ngendhakake panggrundele wong Israel kang ditujokake marang sira, temah bakal wus ora prelu Sunpireng maneh.”


Kacarita esuke bareng Nabi Musa lumebet ing tarube papan angger-angger, lah lantarane Imam Harun kang kaetung talere Lewi wus semi, metu kudupe lan kembange sarta woh saked kang mateng.


Sawuse patang puluh dina patang puluh bengi mau, Pangeran Yehuwah banjur maringake papan watu loro marang aku, iya papane prasetyan iku.


Nalika aku wus munggah ing gunung bakal nampani papan watu, iya papaning prasetyan damelane Pangeran Yehuwah kang wus katetepake karo kowe, aku banjur nginep ana ing dhuwur gunung kono lawase nganti patang puluh dina patang puluh bengi, ora mangan roti lan ora ngombe banyu.


Sabanjure Padalemane Suci Gusti Allah kang ana ing swarga kawengakake lan pethi prajanjiane katon ana ing Padaleman Suci iku, banjur ana kilat lan swara gumlegering gludhug apadene lindhu lan udan es kang luwih dening deres.


Banjur ana malaekat liyane kang jumeneng cedhak misbyah kalawan ngasta padupan mas. Nuli padha kaparingan menyan akeh supaya dianggoa cecaosan bebarengan karo pandongane para suci ana ing misbyah mas kang ana ing ngarepe dhampar iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan