Perangane mburi padaleman mau kang rong puluh asta banjur didokoki singgetan kayu eres, wiwit ing jrambah nganti tekan ing blandar pangeret; perangan iku nuli kadadekake kamar pungkuran, dadi papan sucining asuci.
Sawuse mangkono para imam banjur padha ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah mau menyang ing panggonane, ing kamare pungkuran padaleman ing papan sucining-asuci, ing sangisore bener swiwining kerub,
Pethine tumuli diusung menyang ing Tarub Suci, sarta klambune panutup dipasang kagawe ngaling-alingi pethine angger-angger, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
Lan ana ing gunung kene Sang Yehuwah bakal nyuwek-nyuwek sandhangan bagor kang kaenggokake marang sakehing suku bangsa lan kemul kang dikemulake marang sakehing para bangsa.
Tumuli ngukur kamar njero mau, dawane rong puluh asta, ambane rong puluh asta padha karo ambane bangsal gedhe. Aku nuli dipangandikani mangkene: “Iki papan Sucining Suci.”
nanging tarub kang kapindho iku mung dilebeti dening Imam Agung piyambak sataun sapisan, lan kudu ngasta getih kang kasaosake marga saka sarirane piyambak sarta marga saka panerak-panerake umate kang ora kajarag.