Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 9:2 - Kitab Sutji

2 Jalaran ana tarub kang kapasang rakit, perangane kang ngarep dhewe ana ajug-ajuge lan meja kanggo roti sesaosan. Perangan iki kaaranan pasucen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 9:2
21 Iomraidhean Croise  

“Lan maneh sira gawea meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta lan dhuwure karotengah asta.


Mejane iku tansah dokokana roti sesaosan ana ing ngarsaningSun.”


“Sira gawea padamaran mas murni; padamaran iku kang digawe kudu mas gemblengan, iya sikilane iya adeg-adege; dalah rerekane slaga, kudhup lan kembange padha kagawea iras-irasan karo padamarane.


“Tarub Suci iku kudu sira gawe nganggo tenunan lena alus nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom lan jingga; mawa kerub, gaweane ahli tenun, kabeh iku kudu sira gawe mangkono.


Geber mau kagantunga ing canthelan kang kanggo nyambung tendha iku, nuli pethine angger-angger sira prenahna ana ing saburine geber, sarta geber iku dadia singgetan ing antarane pasucen lan pasucen pinunjul.


Mejane sira prenahna ing sangarepe geber, lan padamarane adhep-adhepan karo mejane ana ing Tarub Suci sisih kidul, dene mejane sira prenahna ana ing sisih lor.


“Anadene anggonira nucekake Harun lan para anake supaya ngimamana lumados marang Ingsun iku patrape mangkene: Sira njupuka sapi lanang nom siji lan wedhus gibas lanang loro kang tanpa cacat,


Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.


“Ing sasi kapisan tanggal sapisan sira ngadegna Tarub Suci, yaiku Tarub Pasewakan.


Sawuse mangkono mejane sira lebokna lan sira tatanana pirantine miturut prenahe. Padamarane sira lebokna sarta damar-damare sira pasangana.


Bab anggone banjur padha lumebu ing Padalemaning Allah lan anggone padha mangan roti cecaosan, kang pancene ora kena kapangan dening Dawud utawa dening pandhereke, kajaba dening para imam?


Lan maneh wong nyumed diyan iku ora banjur dikurebi tompo, nanging ditumpangake ing jodhog, supaya bisa madhangi wong saomah kabeh.


Sarta Panjenengane ora mlebet prelu bola-bali ngurbanake sarirane piyambak, kayadene Imam Agung kang saben taun lumebet ing pasucen ngasta getih kang dudu rahe piyambak.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan