Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 8:9 - Kitab Sutji

9 ora kaya prajanjian kang wis Sunanakake karo para leluhure wong-wong iku, nalika Ingsun nganthi wong-wong iku Sunirid metu saka ing tanah Mesir. Amarga wong-wong iku ora setya marang prajanjianingSun, sarta Ingsun ngemohi wong-wong iku,” mangkono pangandikane Pangeran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 8:9
44 Iomraidhean Croise  

Sarehne mangu-mangu, mulane priya mau banjur padha nyandhak tangane Lut, tangane somahe lan anake wadon karo pisan, marga saka pangemane Sang Yehuwah marang dheweke; banjur dituntun metu menyang ing sajabane kutha sarta dieculake ana ing kono.


Sumurupa, Gusti Allah ora bakal nampik wong kang temen, lan ora ngasta tangane wong kang gawe duraka.


Gusti Allah ngirid umate metu kalawan bungah-bungah, sarta pepilihane kalawan surak-surak.


Margi Paduka nglangkungi saganten, sarta lurung Paduka nglangkungi nginggiling toya ingkang wiyar, nanging tapak tilas Paduka boten katingal.


padha murtad lan ora setya kaya para leluhure; padha nyimpang kaya gandhewa kang cidra;


Enggal temen anggone nyleweng saka dalan kang wus Suntedahake; wus padha gawe reca pedhet mas cor-coran, sarta iku banjur padha disujudi lan disajeni kurban, klawan pangucape: He Israel, iki allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.


Sapa kae kang jumedhul saka ing ara-ara samun, kang lendheh-lendheh ing kekasihe? Kowe dakgugah ana ing sangisoring wit apel, ana ing kono anggone ibumu ngandhut kowe, ana ing kono anggone ibumu ngandheg lan nglairake kowe.


Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.


Sabab Ingsun iki, Pangeran Yehuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: “Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.”


Sakehing anak kang dilairake ora ana kang nuntun dheweke lan sakehing anak-anake kang digedhekake ora ana kang nganthi tangane.


ing salebeting karupekanipun sadaya. Sanes duta utawi utusan, nanging Panjenenganipun piyambak ingkang ngluwari; Panjenenganipun ingkang nebus margi saking tresna tuwin welasipun. Ing jaman kina sami dipun junjung saha dipun gendhong.


ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.


Pangeran Yehuwah piyambak mbuyarake wong-wong mau, bakal ora diudaneni maneh. Para imam padha ora diajeni dalah para wong tuwa iya ora diwelasi.


Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ingsun bakal nandukake marang sira kaya apa kang sira lakoni, yaiku sumpah sira anggep entheng kanthi patrap ngrusak prajanjian.


Ingsun nuli tindak langkung lan Ingsun ningali sira, lah sira wus tumeka ing titimangsanira birai. Ingsun banjur njereng pangagemaningSun Sunkemulake marang sira, wewadinira Suntutupi. Ingsun nganakake prajanjian kalawan supaos karo sira – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – mulane sira wus dadi kagunganingSun.


Sanyata, samangsa sira nyaosake marang Ingsun kurbanira obaran, lan kurbanira dhaharan, iku ora ndadekake keparenge galihingSun, sarta kurbanira slametan kang arupa pedhet lemon, iku ora Sunpirsani.


Kaping pindhone iki kang padha koklakoni: Misbyahe Sang Yehuwah koktutupi luh kanthi panangis lan pasambat, marga Panjenengane wus ora karsa noleh maneh marang pisungsungmu, sarta ora karsa nampeni iku saka ing tanganmu.


Gusti nuli ngasta tangane wong picak mau lan dituntun menyang ing sajabane desa, tumuli dkecohi mripate lan ditumpangi asta sarta kadangu: “Apa kowe wis bisa ndeleng apa-apa?”


Saiki delengen, astaning Pangeran nempuh marang kowe, kowe dadi picak, sawatara dina kowe ora bisa ndeleng srengenge.” Lan sanalika iku uga wong mau rumangsa kalimputan ing pepeteng lelimengan, sarta banjur grayah-grayah golek wong kang nuntun dheweke.


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


Saulus banjur ngadeg lan ngelekake mripate, nanging ora bisa ndeleng apa-apa. Tumuli dituntun lumebu menyang ing kutha Damsyik.


Iki sawijining pasemon. Sabab wanita loro iku mrasemoni prajanjian loro: kang siji kang asale saka gunung Sinai lan anak-anak padha batur tukon iku, yaiku Ibu Hagar –


Iki surasane prajanjian kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa, supaya kadhawuhna marang wong Israel ana ing tanah Moab, kajaba prajanjian kang wus kaanakake kalawan wong-wong mau ana ing gunung Horeb.


padha kakersakake melu ing prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, yaiku prajanjian kang kinanthenan supaos, kang didamel dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, karo kowe ing dina iki;


Ing kono bakal ana kang mangsuli: Iku marga saka anggone padha nyingkur marang prasetyane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, yaiku prajanjian kang kadamel karo wong-wong iku nalika padha kaentasake saka ing tanah Mesir;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan