Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 8:8 - Kitab Sutji

8 Dene anggone nacad wong-wong iku nalika Panjenengane ngandika: “Satemene, bakal tumeka ing wektune,” mangkono pangandikane Pangeran, “Ingsun bakal mranata prajanjian anyar kalawan turune Israel sarta turune Yahuda,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 8:8
25 Iomraidhean Croise  

Padha nilingna kupingira lan sowana ing ngarsaningSun; padha ngrungokna, temah sira bakal padha urip! Ingsun arsa nganakake prajanjian kang langgeng kalawan sira kabeh, manut sih-susetya kang santosa kang Sunjanjekake marang Dawud


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Lah, bakal tumeka ing wektune, Ingsun bakal nuwuhake Trubusane Dawud kang adil. Iku bakal jumeneng raja kang wicaksana lan tumindak adil tuwin bener ana ing nagara.


Mulane, – mangkene pangandikane Sang Yehuwah –, lah bakal tumeka ing wektune wong ora muni mangkene maneh: Demi Sang Yehuwah agesang, kang ngentasake Israel saka ing tanah Mesir!,


Sabab lah, bakal tumeka ing wektune, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, Ingsun bakal mulihake kaanane umatingSun Israel lan Yehuda – pangandikane Sang Yehuwah – lan Ingsun bakal mbalekake para wong iku menyang ing tanah kang wus Sunparingake marang para leluhure lan bakal ndarbeni iku.”


“Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, Ingsun bakal ngluberi gotrahe Israel lan Yehuda klawan wiji manungsa lan kewan.


Lah bakal tumeka ing titi-mangsane, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – kutha iku bakal kabangun maneh konjuk marang Sang Yehuwah, wiwit saka ing menara Hananeel tutug ing Gapura Pojok,


Ingsun bakal damel prasetyan langgeng kalawan umatingSun iku, manawa Ingsun ora bakal nilar, nanging bakal damel becik. Ingsun bakal paring ati kang wedi-asih marang Ingsun, supaya aja ngedohi Ingsun.


Ingsun bakal nganakake prajanjian karukunan kalawan wong-wong mau kabeh lan iku bakal dadi prajanjian kang langgeng. Ingsun bakal mberkahi wong-wong iku, bakal Sundamel tangkar-tumangkar tuwin Sunparingi papan pasuceningSun ana ing tengah-tengahe ing salawas-lawase.


Sabab iki getihKu, getihing prajanjian kang kawutahake kanggo wong akeh, minangka pratandha pangapuraning dosa.


Pangandikane Gusti Yesus: “Iki getihKu, getihing prajanjian, kang diwutahake kanggo wong akeh.


Banjur ngandika marang para sakabate: “Bakal tumeka ing wektune, kowe padha kapengin nyumurupi sawijining dinane Putraning Manungsa, nanging ora bakal bisa nyumurupi.


Mangkono uga tuwunge sawise dhaharan, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihKu, kang kawutahake marga saka kowe!


Nanging anggur anyar iku kudu diwadhahi ing impes anyar uga.


Mangkono uga tuwunge, sawuse dhahar, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang kaecap kalawan getihKu. Saben-saben kowe padha ngombe, iku gawenen pangeling-eling marang Aku!”


Panjenengane uga kang wus mbisakake aku padha dadi abdining prajanjian anyar, kang ora saka angger-angger kang katulis, nanging saka Roh, sabab angger-angger kang katulis iku mateni, dene Roh iku nguripake.


Anadene kang dakkatutake ing prasetyan kang kanthi supaos iku ora mung kowe dhewe,


sarta karo Gusti Yesus, Pantawise prajanjian kang anyar, lan karo rah pangepyuran kang wicarane luwih cetha tinimbang karo getihe Habel.


mangkono uga Gusti Yesus wus dadi tetanggelaning prajanjian kang luwih kuwat.


Sarehne Panjenengane ngandika bab prajanjian anyar, mulane iya mratelakake manawa kang dhisik iku prajanjian kang wis dadi lawas, sarta apa kang dadi lawas lan kawak iku wis cepak sirnane.


Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur.


Mulane Panjenengane jumeneng Pantawise pranjanjian kang anyar, supaya wong-wong kang wus katimbalan padha bisaa tampa warisan langgeng kang kaprasetyakake, amarga Panjenengane wus seda kanggo nebus panerak-panerak kang ditindakake ing sajrone prajanjian kang wiwitan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan