6 Nanging saiki Panjenengane wus tampa kaimaman kang luwih dening agung, marga Panjenengane jumeneng Pantaraning prasetyan kang luwih mulya, kang alandhesan prasetya kang luwih luhur.
wong iku padha takon dalan menyang Sion, parane mrana: Payo kita padha nunggal karo Sang Yehuwah, nunggal ing prajanjian kang langgeng, kang ora bisa dilalekake.
Sabab iku kabeh padha wong Israel kang wus kaangkat dadi putra lan wis kaparingan kamulyan tuwin prajanjian-prajanjian sarta angger-anggering Toret, apadene sarengat lan prasetya-prasetya.
manawa nalika samana kowe tanpa Sang Kristus, ora klebu warga Israel lan ora oleh panduman tumrap prasetya kang kajanjekake, tanpa pangarep-arep lan tanpa Gusti Allah ana ing donya.
Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kita ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,
Kalawan patrap mangkono iku Panjenengane wis maringi marang kita prasetya-prasetya kang adi sarta pinunjul, supaya srana iku kowe padha bisa tunggal kodrat kaallahan lan ora kena ing dayaning hawa-nepsu kadonyan.