Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 8:5 - Kitab Sutji

5 Anggone padha leladi iku minangka gambar lan wewayangane barang kaswargan, padha kaya kang kapangandikakake marang Nabi Musa, nalika bakal ngadani yasa tarub: “Dieling,” mangkono dhawuhe, “kabeh iku kudu sira gawe manut pola kang wus katuduhake marang sira ana ing dhuwur gunung iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 8:5
18 Iomraidhean Croise  

Sateruse uga rancangan samubarang kang wus digalih bab plataraning padalemane Pangeran Yehuwah lan kamar-kamar ing sakubenge, bab prabot-praboting padalemane Gusti Allah sarta pasimpenaning barang-barang sengkeran;


Pangandikane Sang Prabu Dawud: “Iku kabeh tinemu ana ing tulisan, kang kaparingake dening Pangeran Yehuwah marang ingsun, kang isi pitedah bab sakehe pagawean kang kudu dilakoni samangsa nindakake rancangan iku.”


Dingati-ati, anggonira gawe kabeh mau kudu ngepleki conto kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.”


Anggonira padha yasa dalem pasucen lan sakehe pirantine kabeh iku mituruta conto kang bakal Suntedahake marang sira.”


Sabanjure Tarub Suci iku kapasanga miturut rancangan kang wus katedahake marang sira ana ing gunung.


Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.”


Anadene panggawene padamaran iku mangkene: kang digawe emas gemblengan; padamaran iku gemblengan, dadia sikile utawa rerekane kembang; miturut conto kang wus ketedahake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa, kaya mangkono panggawene padamaran mau.


Sawise mangkono, sarehne padha tampa wangsiting Pangeran ing sajroning pangimpen, supaya aja bali sowan ing ngarsane Sang Prabu Herodhes, mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane.


Tarubing Paseksen wonten ing satengahing leluhur kita wonten ing ara-ara-samun, ingkang kayasa awit saking dhawuhipun Gusti Allah dhateng Nabi Musa, miturut tuladha ingkang sampun dipun tingali.


Sabab iku kabeh mung dadi wewayangane apa kang bakal kalakon, mangka wujude yaiku Gusti Kristus.


Ing sajroning angger-anggering Toret iku mung kamot wewayangan bae bab karahayon kang bakal ana, sarta dudu wujuding karahayon iku dhewe. Marga saka iku kalawan kurban kang padha, kang saben taun lumintu dikurbanake, angger-anggering Toret ora bakal gawe sampurnane wong kang padha nindakake.


Marga saka pracaya Rama Nuh – kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan – kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.


Dipadha prayitna, supaya aja padha nampik marang Panjenengane, kang medharake pangandika. Jalaran manawa wong-wong kang nampik marang Panjenengane kang nglairake pangandikane Gusti Allah ana ing bumi iku, ora bisa oncat, apamaneh kita, manawa kita nyingkur marang Panjenengane, kang ngandika saka ing swarga.


Kita padha duwe misbyah, sarta wong-wong kang padha ngladeni tarub iku ora kena mangan apa kang saka ing misbyah iku.


Iku minangka pasemon tumrap ing jaman saiki. Miturut saka iku ana kurban lan pisungsung kang kasaosake, kang ora bisa ndadekake sampurnane wong-wong kang nyaosake manut rumangsaning atine,


Ing salajengipun kula sami wicanten: Saupama besuk padha duwe pangucap marang kita utawa marang turun kita kaya mangkono, nuli kita bakal padha mangsuli: Padha delengen ta wangune tetironing misbyahe Pangeran Yehuwah gaweane para leluhurku; iku ora kanggo kurban obaran, kurban dhaharan utawa kurban sembelehan, nanging iku dadi seksi ana ing antarane aku lan kowe.


Sawuse mangkono aku tumuli weruh wong ngengakake Padaleman Suci – tarub paseksen – ing swarga.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan