“Sira ndhawuhana marang sadulurira Harun saanak-anake, saka ing satengahe wong Israel, supaya padha dadi imam lumados marang Ingsun; yaiku Harun lan anak-anake: Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.
Jubah iku dianggoa Harun samangsa nindakake pangibadah, lan unine klinthingan mas mau bisaa keprungu samangsa lumebu pasucen marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah lan uga samangsa metu, supaya aja nemahi pati.
Sawuse iku Nabi Musa banjur mendhet tarub sarta ditancebake ing sajabane palereban kapara adoh, iku diarani Tarub Pasewakan. Saben wong kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah, iku nuli mara menyang ing Tarub Pasewakan kang ana ing sajabane palereban.
Banjur padha dipangandikani mangkene: “Yaiki pituturKu kang Dakkandhakake marang kowe kabeh, nalika Aku isih nunggal karo kowe, yaiku yen kabeh kang wis katulisan tumraping Aku ana ing sajroning kitab-Torete Nabi Musa lan kitabe para nabi sarta kitab Masmur, iku kudu kayektenan.”
Kang dakkarepake yaiku, manawa awit saka kabenerane Gusti Allah, Sang Kristus wus dadi peladose para wong tetakan, kanggo ngukuhake prasetyane kang wus kaparingake marang para leluhur kita,
Awit aku padha sumurup, manawa omah kita tarub ing bumi iki kabongkar, Gusti Allah wus nyawisake panggonan ing swarga kanggo kita, kang langgeng, kang ora kagawe dening tanganing manungsa.
Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,
Aku banjur krungu swara seru kang ngandika saka ing dhampar iku: “Wruhanamu, tarube Gusti Allah ana ing tengahing manungsa, lan Panjenengane bakal dedalem ana ing antarane. Iku bakal padha dadi umate lan Panjenengane bakal dadi Allahe.