Paduka mugi sampun ngengeti dhateng dosa kawula nalika taksih nem tuwin dhateng duraka kawula, nanging mugi Paduka karsaa enget dhumateng kawula manut sih-kadarman Paduka, margi saking kamirahan Paduka, dhuh Yehuwah.
Ingsun wus ngicali sakehe dosaning pambalelanira kayadene pedhut kang kabur ing angin, lan sakehe dosanira kaya mendhung kang kanginan. Sira balia marang Ingsun, amarga sira wus Suntebus!
Apadene ora prelu wong aweh piwulang maneh marang pepadhane, utawa sadulure mangkene: Kowe wanuha marang Sang Yehuwah! Amarga wong iku kabeh, gedhe cilik, bakal padha wanuh marang Ingsun, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, awit kaluputane bakal Sunapura lan dosane wus ora Sunengeti maneh.”
Ingsun bakal nucekake para wong iku saka ing sakabehe kaluputane kang dilakoni, anggone nindakake dosa ana ing ngarsaningSun lan Ingsun bakal ngapura sakehing kaluputan kang dilakoni kalawan anggone nindakake dosa lan anggone mbalela marang Ingsun.
Ing wektu lan ing mangsa iku wong bakal nggoleki kaluputane Israel, nanging ora bisa nemokake, lan uga dosane Yehuda nanging iya ora ketemu, amarga Ingsun bakal maringi pangapura marang kekarene kang Sunparengake lestari urip. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Allah ingkang pundi ingkang nyameni Paduka, ingkang ngapunten dosa, saha ingkang ngapunten panerakipun kekantunaning bangsa kagunganipun piyambak: ingkang boten saged tahan dhateng bebendunipun ing salajengipun, nanging ingkang rena dhateng sih-palimirma?
Panjenengane bakal paring kawelasan maneh marang kita, lan nglebur kaluputan-kaluputan kita, sarta mbucal sakehing dosa kita, menyang ing telenging sagara.
sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –