Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 8:10 - Kitab Sutji

10 “Iya iki prajanjian kang bakal Sunanakake kalawan turune Israel sawise wektu iku,” mangkono pangandikane Pangeran. “Angger-anggeringSun bakal Sunparingake ana ing budine, sarta Sunserati ing atine, dene Ingsun bakal jumeneng Allahe sarta wong-wong iku bakal dadi umatingSun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 8:10
34 Iomraidhean Croise  

Nabi Musa banjur nyerati sakehe pangandikaning Sang Yehuwah, sarta esuke nalika isih bangun esuk banjur ngedegake misbyah ana ing sikile gunung iku, lan tugu rolas miturut cacahe taler Israel.


Tumuli mundhut kitab prajanjian, lan diwaos ana ngarepe umat, iku banjur padha matur: “Sadaya sabdaning Sang Yehuwah badhe sami kula lampahi saha badhe kula estokaken.”


Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”


Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagungane kang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.


Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.


“Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Ing wektu iku Ingsun bakal dadi Allahe sakehing kulawarga trah Israel lan iku kabeh bakal dadi umatingSun.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Para wong iku padha dadi umatingSun lan Ingsun jumeneng dadi Gusti Allahe.


Ingsun bakal damel prasetyan langgeng kalawan umatingSun iku, manawa Ingsun ora bakal nilar, nanging bakal damel becik. Ingsun bakal paring ati kang wedi-asih marang Ingsun, supaya aja ngedohi Ingsun.


Papan padalemaningSun uga bakal ana ing kono. Ingsun bakal dadi Allahe sarta dheweke kabeh bakal dadi umatingSun.


Ing kono para turune Israel bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe, yaiku wiwit ing dina iku lan sabanjure,


Nanging ing tembe cacahe tutune Israel iku bakal kaya wedhi ing sagara, kang ora kena ditaker utawa diwilang, minangka gentine wong kang padha kadhawuhan: “Sira iku dudu umatingSun,” bakal kapratelakake marang wong-wong mau: “Para putrane Gusti Allah kang gesang.”


Kang sapratelon iku banjur Sunlebokake ing geni, Sunlebur patrape kaya nglebur salaka, Sunbesot patrape kaya mbesot mas; iku bakal padha nyebut asmaningSun lan bakal Sunparingi wangsulan. Ingsun bakal ngandika: Iku umatingSun, sarta iku bakal padha munjuk: Pangeran Yehuwah punika Gusti Allah kawula.”


sarta bakal Sunulihake mrene, supaya padha manggon ana ing tengahe Yerusalem, apadene bakal padha dadi umatingSun, sarta Ingsun dadi Allahe kalawan kasetyan lan kaadilan.”


Ingsun iki Allahe Abraham, Allahe Iskak lan Allahe Yakub? Allah iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip.”


Lan iki kang dadi prajanjianingSun kalawan wong-wong iku, samangsa Ingsun mbirat dosane.”


Utawa, apa kowe ora sumurup, yen sing sapa rumaket marang wanita tunasusila, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkene: “Loro-lorone bakal dadi daging siji.”


Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.


Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Nanging saiki padha kapengin marang tanah wutah rah kang luwih becik, yaiku tanah wutah rah kaswargan. Mulane Gusti Allah ora lingsem sinebut Gusti Allahe, marga Panjenengane wus nyadhiyani kutha.


Marga saka karsane piyambak Panjenengane wus mbabarake kita srana pangandikaning kayekten, supaya kita padha ana ing tataran kang gumathok, yaiku dadi putra pambarep ing antarane para titahe kabeh.


Mulane padha biraten sarupaning rereged sarta piala kang kaliwat akeh lan tampanana kanthi legawaning ati pangandika kang katandur ing atimu, kang bisa nylametake nyawamu.


Jalaran kowe wus padha kalairake maneh ora saka wiji kang bisa sirna, nanging kang langgeng, dening pangandikaning Allah kang gesang lan kang langgeng.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan