Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 8:1 - Kitab Sutji

1 Wose apa kang kita rembug iku mangkene: kita padha duwe Imam Agung kang kaya mangkono, kang lenggah ing satengene dhampare kang Mahaagung ing swarga,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 8:1
21 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan kaluhuran saha kaprawiran, kamulyan, kaunggulan tuwin kaagungan, malah samukawis ingkang wonten ing swarga saha ing bumi! Dhuh Yehuwah, Paduka ingkang kagungan karajan saha Paduka ingkang jumeneng Sesirah ingkang luhur piyambak nglangkungi ing samudayanipun.


Saka ing sisi lor ana sunar kang kaya emas, Gusti Allah kalimputan ing kamulyan kang nggegirisi.


Heh nyawaku saosa puji marang Sang Yehuwah! Dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka punika langkung dening agung, Paduka ngagem busana keprabon gumebyar.


Masmur anggitane Prabu Dawud. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten: “Sira lenggaha ana ing tengeningSun, nganti tumeka mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”


supados para anaking manungsa sami mireng pawartos bab kasantosan Paduka, kaliyan kamulyaning sumorotipun karajan Paduka.


Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi, ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.


Wong-wong padha surak-surak sora, marga saka kaluhurane Sang Yehuwah, padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon:


sarta Panjenengane bakal dadi kang kadunungan tentrem-rahayu. Samangsa Asyur lumebu ing nagara kita, sarta ngambah ing tanah kita, nuli kita padha ngadegake pangon pitu kang nglawan, malah pemimpin wolu kang asipat manungsa.


Sawise ngandika mangkono marang para sakabat, Gusti Yesus banjur kasengkakake menyang ing swarga lan lenggah ing satengene Gusti Allah.


kang dakladeni minangka utusan kang dirante. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairake bab iku kalawan kendel, awit pancen kudu mangkono.


Marga saka iku yen kowe wus padha ndherek katangekake kalawan Gusti Kristus, padha ngupayaa sabarang kang ana ing ngaluhur, ing papan pinarake Gusti Kristus ing satengene Gusti Allah.


Sarta endi ana malaekat kang tau didhawuhi mangkene: “Lungguha ana ing tengeningSun, nganti mungsuh-mungsuhira wus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira?”


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Nanging Panjenengane, sawuse misungsungake kurban siji bae marga saka dosa, banjur lenggah ana ing tengene Gusti Allah salawas-lawase,


Payo padha kita lakoni kanthi mandeng marang Gusti Yesus, kang nuntun kita ing sajroning pracaya sarta kang ngasta pracaya kita marang kasampurnan, kang ora ngetang kanisthan manggul salib kalayan mantep, sulihing kabungahan kang kacawisake kagem Panjenengane kang samengko lenggah ana ing tengening dhampare Gusti Allah.


Mulane, ing bab apa bae Panjenengane kudu dipadhakake karo para sadhereke, supaya dadia Imam Agung kang welasan sarta setya marang Gusti Allah, prelu mbirat dosane sakehing bangsa.


Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni, iya iku Gusti Yesus,


Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.


Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan