Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 7:7 - Kitab Sutji

7 Pancen wis ora kena dipadoni, manawa kang luwih asor diberkahi dening kang luwih luhur.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 7:7
16 Iomraidhean Croise  

Iku kabeh talere Israel, cacahe rolas; lan iya iku mau kang dipangandikakake dening kang rama, nalika padha diberkahi; siji-sijine kaparingan berkah dhewe-dhewe.


Nalika Sang Prabu Dawud kondur arep andum slamet marang saisining kraton, Sang Putri Mikhal, putrane Prabu Saul, methukake Sang Prabu karo matur: “Kadospundi dene ratunipun Israel ing dinten punika kok lukar wonten ing ngajengipun para parekan, boten kraos wirang kados dene tiyang rucah?”


Panjenengane nuli jumeneng lan mberkahi sapasamuwane Israel kabeh kalawan swara sora, pangandikane:


Sawuse mangkono para imam Lewi padha ngadeg lan mberkahi rakyat. Swarane kapiyarsakake dening Pangeran Yehuwah lan pandongane sumengka marang ing padalemane kang suci ing swarga.


“Kupingmu tilingna, he langit, aku arep caturan, lan bumi ngrungokna guneme cangkemku.


Sarta sanyata linuhur wewadine pangibadah kita iku: “Panjenengane kang wus ngatingal awujud manungsa wus kaleresake marga dening Roh kang ngatingal marang para malaekat, kawartosake ana ing antarane para bangsa kang ora wanuh marang Gusti Allah; kang dipracaya ana ing jagad, iku wus kasengkakake marang kamulyan.”


Nanging Sang Melkisedhek, kang ora tunggal turun karo wong-wong iku, mundhut prasapuluhan marang Rama Abraham sarta mberkahi panjenengane, sanadyan sing kagungan prasetya iku.


Sarta ana ing kene kang tampa prasapuluhan iku wong kang padha kena ing pati, dene ana ing kana Panjenengane, kang kaseksenan manawa gesang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan