IBRANI 7:5 - Kitab Sutji5 Dene mungguh para turune Lewi kang padha tampa kalungguhan imam, iku manut angger-anggering Toret, kawajibake nglumpukake pisungsung prasapuluhan saka umat Israel, yaiku para sadulure, sanadyan wong-wong iki uga tedhake Rama Abraham. Faic an caibideil |
nanging sira dalah anak-anakira padha dadia imam lan nindakna samubarang kang magepokan karo misbyah lan tumrap sadhengah apa kang ana ing saburine geber, iku padha sira tindakna; bubuhanira kaimaman iku anggoningSun maringake marang sira minangka ganjaran; wong lumrah kang nyedhak ing kono kaukuma pati.”
“Samangsa kowe wus rampung anggonmu njupuk sakehe pisungsung prasepuluhan pametuning palemahanmu ing taun kang kaping telu, yaiku taun pisungsung prasepuluhan, iku banjur wenehna marang wong Lewi, wong bangsa liya kang neneka sarta marang bocah lola lan randha, supaya iku mau padha bisaa mangan nganti wareg ana ing panggonanmu.