Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




IBRANI 7:3 - Kitab Sutji

3 kang tanpa Rama, tanpa ibu, tanpa sarasilah, kang ora ana wiwitaning dinane sarta wekasaning yuswane, sarta sarehne panjenengane kadadekake padha karo Putrane Gusti Allah, dadine lestari jumeneng imam ing salawase.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




IBRANI 7:3
11 Iomraidhean Croise  

Anak-anake Merari: Makhli lan Musi. Iya iku gotrah-gotrahe Lewi miturut urut-urutane.


Bareng tanggal sapisan sasi kapindho banjur padha nglempakake sapepake pasamuwan. Sawuse mangkono nuli ndhapuk sarasilahe para wong Israel miturut gotrahe kang tinemu ing saben taler. Wong-wong kang umure rong puluh taun sapandhuwur ditulisi jenenge siji-sijine,


Juru panggodha banjur sowan ing ngarsane sarta munjuk mangkene: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela-sela punika Panjenengan sabdakaken dados roti.”


Sarehne kita padha duwe Imam Agung kang pinunjul, kang wis sumengka nratas nglangkungi sakehing langit, yaiku Gusti Yesus, Putraning Allah, mulane kita padha ngantepana ing sahadat kita.


Awitdene Sang Melkisedhek iku ratu ing Salem sarta imame Kang Mahaluhur, kang methukake sarta mberkahi Rama Abraham nalika Rama Abraham kondur saka anggone ngalahake para raja.


Sabab tumrap Panjenengane ana paseksen mangkene: “Sira iku dadi Imam ing salawas-lawase, manut tatane Melkisedhek.”


Rama Abraham uga nyaosake saprasapuluhe samubarang marang panjenengane. Manut tegese asma Melkisedhek iku sapisan ateges ratuning kaadilan, sarta uga ratu ing Salem, yaiku ratuning tentrem-rahayu,


Nanging Sang Melkisedhek, kang ora tunggal turun karo wong-wong iku, mundhut prasapuluhan marang Rama Abraham sarta mberkahi panjenengane, sanadyan sing kagungan prasetya iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan